Sunday, April 17, 2011

NDHUDHAH SASTRA JAWA NGENANI SILA-AILA ANA ING PANCASILA

Ndhudhah Sastrå Jåwå ngênani Sila-sila ånå ing Pancasila

Pancasila lair ånå ing dinå Jumat Wagé tanggal siji sasi Juni taún sèwu sangang atús patang pulúh lima.

Mênåwå ditlusuri ånå ing primbon lan pawukon, tanggal siji Juni sèwu sangang atús patang pulúh lima wukuné Kuningan, déwané Bêthari Sri síng duwé watak asíh lan wêlasan.

Dina Jumat Wagé ing wuku iku duwé watak kukúh, santoså, sumuci, sabarang gawé kudu bêcik, rêsík lan liya-liyané.

Såpå waé sing laír ånå dinå iku (umumé) duwé watak apík sanadyan nduwèni sêngkålå utåwå kêkurangané.

Bab watak manungså, mênåwå ånå síng kurang utåwå got?ang, yå ora åpå-åpå; amargå ånå ing donyå iki ora ånå síng sêmpurnå.

Síng (måhå) sêmpurnå yå múng Gusti Allah Síng Måhå Kawåså.

Tanggal siji sasi Juni tahún sèwu sangang atús patang pulúh limå biså dianggêp kanugrahan såkå Gústi Allah.

Ånå dinå iku Búng Karnå njlèntrèhaké ngênani Pancasila minångkå dhasaríng nagårå utåwå pondasiné nagårå.

Nêgårå didêgaké lêlandhêsan Pancasila.

Manåwå ditliti Pancasila nduwèni nilai-nilai (values) síng akèh bangêt, jumbúh, lan trêp karo jati-dhiriné Bångså Indonesia síng pluralistík.

Ewoníng pulo kawêngku ing bumi Nuswantårå.

Atusan suku síng nduwèni båså ibu utåwå båså ètnis nambahi tamansari Indonesia luwih èdhi lan asri kabèh mau paringané Gusti Allah síng Maha Murba lan Masésa jagat síng prêlu disyukuri.

Åpåmanèh lumantar Búng Karno, bêbarêngan karo akèhíng parågå pådhå bêbådrå ngêdêgaké Nêgårå, trús mêrdikå síng adhêdhasar Pancasila.

Kanugrahan síng prêlu disyukuri ing sabên wêktu.

Gêgayutan karo sila-sila ånå ing Pancasila síng dadi dhasaríng nêgårå, akèh bangêt wulang Jåwå síng prayogå di dhudhah lan dingêrtèni.



Kêtuhanan Yang Maha Esa

Wiwít jaman kunå suku bångså ing bumi Nuswantårå prêcåyå ananíng Dhat síng nyíptå, mranåtå, murbå lan maséså.

Síng prêlu digêgêm, dirêgêm lan diprêcåyå laír tumús ing batín yåkuwi anané Gusti Allah Síng Måhå Murbå lan Maséså mobah mosiké jagat (saisiné) iki.

Ngênani bab iki, dèníng Búng Karno dipilíh dadi sila utåwå dhasar síng sinêbút Kêtuhanan Yang Maha Esa.

Sabanjuré dipapanaké dadi sila síng nomêr siji.

Ånå ing sêrat Wulang Rèh tinêmu wulangan síng muni: '...kapíng lima dunúngíng sêmbah punikå mríng Gusti kang murbå ing pati kalawan uríp, miwah sandhang lawan pangan...'.

Ana ing pupúh sabanjuré tinulís: '..pådhå nêtêpånå ugi, kabèh paréntahé sarak, trusnå laír batiné, salat limang wêktu, tan kêna tininggalan...'.

Mêthík såkå sêrat Wulang Rèh akèh wulangan síng biså dadi landhêsan lan gujêngan supåyå pådå prêcåyå lan nindakaké dhawúhé Allah.

Kabèh tumuju supåyå tansah nyêmbah, manêmbah lan ngabêkti marang Allah síng Maha Wêlas lan Maha Asíh. Ånå ing Sêrat Wédhåtåmå tinêmu wulangan: '.. sêmbah katri kang sayêkti katúr mríng Hyang Suksmå suksmanên saari-ari, arahên dipún kacukúp...'.

Ånå ing pupúh sabanjuré sinêbút: '..sêmbah rågå puniku, pakartiné wong amagang laku, suciné akarånå waríh, kang wús lumrah limang wêktu..'.

Ånå manèh síng jinêjêr ånå ing Wédhåtåmå: '..mangkono ingkang tanamtu, tampå nugrahaníng Widhi, marmå tå kulúp dèn biså basuki ujar ing janmi..'.; '.. pasamuan ing gaibíng kang Maha Suci kasikêp ing tyas, kacakup kasat måtå lair batos..'

Sabanjuré ana ing Sêrat Déwåruci, uniné: '..nangíng aywa darbé sirèki, pakarêman liyanirå, sartå ing Hyang Agúng..'.

Ånå ugå kang kasêbút ing Sêrat Partawigênå: '..åjå pêgat manuju, barang prakarané bumi, atasénå maríng Hyang Jagad Pratingkah..'.

Wêwaton cuplikan ånå ing sêrat-sêrat Wulang Rèh, Wédhåtåmå, Déwå Ruci, lan Partawigênå, nilai-nilai sing kacakúp ånå sila Kêtuhanan Yang Maha Esa akèh bangêt.

Apamanèh yèn njingglêngi bukuné (suwargi) Råmå Doyosantoså síng asêsirah 'Unsúr Réligius dalam Sastra', akèh bangêt wulangan síng bisa nuntún såpå waé supåyå pådå luwíh iman lan taqwa marang Gusti Allah Síng Måhå Agúng lan Måhå Kawåså.

Akèh bangêt sastrå Jåwå síng biså diwåcå, dijingglêngi, dirasakaké, ditindakaké, dicakaké, diamalaké supåyå luwíh ngrêti, élíng, ngibadah lan ngabêkti marang Gusti Allah Síng Måhå Agúng.

Mênåwå kêpéngín síng luwíh jêro, bêblês, cublês, dhuwúr lan luhúr biså måcå ånå ing sastrå Jåwå ngênani bab sangkan paraning dumadi, bab awang-awang uwúng-uwúng, ananing dhat, wahananing dhat, bab kê-Allahan, kajiwan lan liyå-liyané síng dianggit ora múng pårå pujånggå, sarjånå (sujånå) såkå tanah Jåwå nangíng ugå tinulis dèníng sarjånå såkå måncånagårå.

Buku síng njlèntrèhaké bab-bab síng magêpokan karo sila Kêtuhanan Yang Maha Esa tinêmu akèh bangêt, ora múng atusan malah kêpårå luwíh.

Ånå ing tulisan ringkês iki dipilih síng baku waé.

Tuladhané, suwargi Radèn Ngabèhi Ronggowarsito ånå ing buku 'Wiríd Hidayat Jati' síng rupå têmbang têrus dijlèntrèhaké dadi buku andaran utawa wêdharan.

Kajåbå såkå iku, akèh sarjånå walåndå, yåkuwi Råmå Zoêt-muldêr síng nganggít buku 'Manunggalíng Kawulå lan Gusti', J Bakkêr ånå ing buku Agama-agama Asli di Indonesia lan liyå-liyané.

Pak Poêh nulís buku síng irah-irahané 'Sangkan Paran', Båpå Sunarno Sisworahardjo ånå ing buku 'Sastrå Djéndråyuníngrat' lan liyå-liyané.

Iku durúng buku-buku kuno síng cacahé akèh bangêt.

Sabanjuré, mêt?ík ånå ing sêrat 'Musa-waratanipun Pårå Wali' ngêmot 13 pupúh síng rinakít ånå ing têmbang Asmårådånå, Sinom, DHandhanggulå, Maskumambang, Dúrmå, Kinant?i, Púcúng, Gambúh, lan Pangkúr, akèh bangêt wulangan ngênani 'ngèlmu lan laku' síng tumuju marang Allah Síng Måhå Agung.

Dhudhah-dhudhah ånå ing sastrå Jåwå síng ngêmot babagan sangkan paraning dumadi, babagan síng lungíd lan rumít tinêmu akèh bangêt.

Pêpindhané sumúr síng bêníng banyuné ora bakal êntèk yèn ditimba.

Mulå ånå têtêmbungan síng uniné 'karkatíng tyas katuju jibar-jibur adús banyu wayu' síng biså nambahi nyês, anyês lan nyênyêgêr cíptå råså karså.

Kêjåbå såkå iku lêlumban ånå ing jagadíng sastrå Jåwå síng ngêmot babagan kêIllahian biså dadi sarånå kanggo rêsik-rêsik ati (qalb).

Malah ana síng kåndhå bakal biså nambahi prêmånå, waskithå, jiwå lan rågå, awak lan tumindak utåmå.

Ngadhêpi kaanan bångså wêktu iki, anané musibah alam síng wêrna-wêrna sila nomêr siji Kêtuhanan Yang Maha Esa prêlu dadi kiblat lan undêraning laku.

Elíng, dzikír lan nyêmbah marang Pangéran prêlu dadi laku síng tlatèn, atúl lan tabêri.

Niat, krêntêg lan laku supåyå tansah dêdongå lan ngibadah marang Gusti Allah kanthi luwíh bêcík prêlu dilaksanakaké rinå kalawan wêngi.

Laku manêmbah lan ngibadah marang Gusti Allah prêlu ditambahi nganggo laku amaliah marang såpå waé síng lagi nandhang susah.

Sêsanti 'mamayu hayuníng sasåmå' prêlu dadi landhêsan lan gujêngan.

Ngênani bab iki tinêmu ånå ing ranah sila nomêr loro yakuwi 'Kêmanusiaan yang Adil dan Bêradab'.

Kêmanusiaan yang Adil dan Bêradab

Sila síng nomêr loro ånå ing Pancasila yåkuwi ‘Kêmanusiaan yang adíl dan bêradab'. Ånå nilai-nilai ing sila iki yåkuwi ngakoni anané manúngså síng ciniptå déníng Gusti Allah. Sawisé ciníptå prêlu ngawulå, kumawulå, ngibadah, lan manêmbah marang Gusti Síng Maha Kawåså.

Mula sila síng nomor loro ora biså dipisahaké karo sila síng nomêr siji.

Ånå Gusti ånå kawulå, ånå kawulå ånå Gusti.

Ånå alam donya iki, manúngså ora bisa urip ijèn, mbutúhaké manungså liyané.

Karånå iku nduwèni hak lan kuwajiban ånå ing bêbrayan.

Wiwít brayan cilík ing kulåwargå, lingkungan, RT, RW, kalurahan, têkan tataran nagårå lan donyå. Têbané wiwít tataran lokal têkan brayan global.

Kêjåbå kuwajiban síng prêlu ditêngênaké, manúngså nduwèni hak síng kudu diakoni, diúrmati, lan dilindhungi.

Åpå manèh hak síng asipat asasi, tuladhané ngênani karagan (warêg, waras, wasís, wutúh, sandhang, papan lan kêmakmúran), bab kajiwan, kaslamêtan, katêntrêman lan liya-liyané.

Hak lan kuwajiban ora biså dipisahaké. Babagan loro níng siji, babagan siji níng sêjatiné loro.

Mulå ånå têmbúng måncå síng digunakaké yåkuwi mono-dualistik utåwå loro loroníng atunggal. Pêpindhané kaya surúh lumah lan kurêpé yèn sinawang béda rupané yèn ginigit pådhå rasané.

Bab iki dadi pêntíng amargå nagårå síng adhêdhasar Pancasila prêlu njamín wargané supåyå dadi (luwíh) adil, makmúr, tåtå, têntrêm, ayêm, lair batin, donyå têkan akhérat. Mula trêp karo kaanan síng sinêbút bêradab, ‘kêmanusiaan yang adil dan bêradab'.

Hak lan kêwajiban prêlu lumaku bêbarêngan lan kudu timbang. Mulå nyambúng karo bab adíl supåyå dadi wargå síng biså tinåtå supåyå tumåtå.

Kanggo mujúdaké bab iku prêlu pranatan utawa hukúm síng tinulis (Undang-undang) lan hukúm síng ora tinulis, arupå anggêr-anggêr utåwå paugêran.

Laku jantrané nagårå kudu njunjúng lan njêjêgaké undang-undang.

Hukúm dipapanaké ånå ing papan luhúr síng sinêbut suprêmasi hukúm.

Hukúm, pranatan lan paugêran dadi sarånå kanggo mujúdaké kêadilan tumrap wargå bångså supåyå uripé ‘bêradab'.

Sawijiníng kaanan síng apík ora ånå wargå síng bodho, mlarat, nganggúr, ngêmís, lårå, påpå, sêngsårå, lan liyå-liyané.

Mênåwå wêktu iki isíh ånå kaanan síng durung apík prêlu ditanggulangi. K 3 (kêbodohan, kêmiskinan dan kêtidakadilan) kudu ditanggulangi.

Nagårå duwé kuwajiban mêrangi K3, lan mbudidåyå mujúdaké kaanan síng luwíh adíl makmúr. Kabèh èlêmèn masyarakat duwé kuwajiban mujúdaké kaanan iki. Bêbrayan síng rupå paguyuban, pahêman, LSM, asosiasi, pêrkumpulan, pêrhimpunan, partai politik lan liya-liyané ugå duwèni kuwajiban mujúdaké kaanan síng luwíh apík, luwíh adíl lan makmúr.

KKN (korupsi, kolusi, lan népotismê) síng gawé ruginé nagårå kudu dipêrangi, amargå dadi pêpalang síng ngrêndhêt-ngrêndhêti laku kanggo mujúdaké kaanan mau.

Mlêbuné faham démokrasi síng bébas uga dijamín, nangíng kudu têtêp landhêsan hukúm lan undang-undang.

Bébas kênå waé, nangíng åjå kêbablasên.

Ånå ing nagårå síng adhêdhasar Pancasila kudu wêwaton undang-undang utåwå pranatan.

Kabèh wargå nduwèni kêbébasan nangíng ora bisa tumindak sakarêpé dhéwé.

Kaanan prêlu ditåtå supåyå nilai-nilai síng kacakúp ånå ing sila 'kêmanusiaan yang adíl dan bêradab' biså lan kasíl diwujúdaké.

Gêgandhèngan karo bab iki, akèh bangêt wulang Jåwå síng biså dadi réfêrènsi kanggo mujúdaké kaanan síng jumbúh karo sila síng nomêr loro iki.

Ånå ing andharan iki, amargå papan utåwå kolom síng rupak, ånå wulang rupå pêt?ilan-pêt?ilan såkå sêrat Wulang Rèh, Wédhåtåmå, Partawigênå, lan liyå-liyané.

Ånå ing sêrat Wulang Rèh tinulis: '...dipún sami ambantíng sariranirå, cêgah dhahar kalawan gulíng, darapon sudåå, nêpsu kang ngåmbrå-åmbrå, lêrêmå ing tyasirèki..'

Ånå ing pupúh iki, mèpèr håwå nêpsu utåwå 'pêngêndalian diri' dadi pérangan síng wigati.

Nêpsu-nêpsu síng rupå åpå waé prêlu dikêndhalèni, åjå diumbar ånå ngêndi êndi.

Ånå ing pupúh sabanjuré sinêbút:'.. åjå sirå niru tindak tan bêcík, nadyan wong liyå, lamún pamurúké bêcík, miwah tindaké prayogå, iku pantês sira tirwå ..'.

Tumindak bêcík lan patuladhan dadi wêlingan síng prêlu dibundhêli.

Ånå ing kéné nilai-nilai têmbúng utåwå konsèp 'åjå dumèh' ugå wís kacakúp. Sabanjuré ånå ing pupúh liyané tinulis: '..ånå tå silíh bêbasan, pådhå sinauwå ugi, lårå sajroníng kêpénak, lan sukå sajroníng prihatín....'.

Ånå ing pupúh liyané sinêbút: '..sabarang gawé dipún élíng, nganggowå têpå salirå, paréntah kang sabênêré, åjå anggêp kumawåså, amríh dèn wêdènånå, déné tå wong kang luhúng, nggoné mangku marang bålå..'

Ånå ing kéné, têpåslirå dadi watak síng prêlu dicakaké ånå ing bêbrayan.

Manåwå lagi kuwåså åjå kumawåså, lamún duwé wêwênang åjå sawênang-wênang, síng bisa 'momong, momor lan momot' marang síng dipimpín.

Sabanjuré ånå ing Sêrat Wédhåtåmå tinulís: '..sabarang tindak tandúk, tumindaké tan sakadaripún, dèn ngaksama kasisipaning sasami..'

Banjúr katêrusaké ånå ing pupúh liyané: '...nangíng janmå ingkang waspadèng sêmu , sinamún ing samudånå sasadon ingadu manís..'

Ing pupúh iki ånå wêlingan supåyå tansah élíng, waspådå, ngrêti, lan tanggap ing sêmu.

Têmbúngé liyå, síng biså mêmangún karyénak tyasíng sasama.

Yèn landhêp åjå natoni, yèn pintêr åjå mintêri.

Sabanjuré ing sêrat Partawigênå ånå pupúh síng uniné: '..sêdyå ambêg rahayu, budi sarta asíh sêsami..'

Asíh ing sêsami ånå ing pêdhalangan utåwå pêwayangan ånå pêpindhan síng uniné: 'awèh pangan marang wong kaluwèn, awèh sandhang marang wong kawudan, awèh payúng marang wong kodanan, lan mènèhi têkên marang wong kalunyon'.

Sabanjuré ånå ing pupúh liyané tinulis: '..lawan åjå galak sirèng lat?i, anggúng dudukå tan pangapurå, mimisúh saru wuwúsé..'

Bab adíl ugå kasêbút ing pupúh síng muni: '.. babon ingkang marang kaluhuran, apurå parikramané, adil pan suku bau..'

Ånå ing pasrawungan ånå têtêmbúngan 'åjå êmban cindhé êmban siladan', síng waråtå, síng adíl, síng murakabi kabèh.

Ånå manèh ing pupúh sabanjuré, uniné: '..salah munå lawan muni, sinêksèn liringíng ulat, yêkti trusa jroníng budi..'

Ånå ing kéné, niyat lan tékat 'mamayu hayuníng sasåmå', rukún, lan ngúrmati liyan dadi bab síng wigati bangêt.

Uríp ånå têngahíng bêbrayan prêlu njågå kaanan síng sêlaras, sêrasi lan timbang.

Åjå såpå sirå såpå ingsún.

Mênåwå ngucap åjå nandhês lan gawé larané ati.

Síng pådhå rukún lan åjå cêcongkrahan.

Mula ånå unèn-unèn yåkuwi: 'rukún agawé santoså crah agawé bubrah'.

Ånå ing wêktu iki mujúdaké kaanan rukún ora gampang, malah kapårå angèl.

Andharan bab rukún malêbu ånå ing ranah sila nomêr têlu, yakuwi Pêrsatuan Indonesia.



Pêrsatuan Indonesia

Sila katêlu ånå ing Pancasila yåkuwi Pêrsatuan Indonesia. Indonesia síng siji, nyawiji, lan manunggal.

Indonesia dumadi såkå éwoning pulo kayåtå Sumatra, Riau, Jawa, Bali, Lombok, Kalimantan, Sulawêsi, Maluku, Irian (Papua), lan liyå-liyané, síng mapan wiwít såkå Sabang têkan Mérauké.

Kajåbå såkå iku, Indonesia kadadèn såkå atusan suku bångså síng banjúr mêrdikå adhêdhasar Pancasila.

Amargå kêdadèn såkå atusan suku mulå duwé gêgêbêngan síng tinêmu bédå.

Ånå síng ngrasúk agåmå Islam, Kristên, Kat?olik, Hindu, Budha, Kong Hu Cu, aliran kajiwan lan kêpêrcayaan liyané. Bab båså (ètnis) tinêmu atusan. Síng akèh pênuturé yakuwi: Acèh, Batak, Minang, Jawa, Sundha, Bêtawi, Mêdura, Bali, Banjar, lan liyå-liyané.

Kajåbå såkå iku, ånå ing bumi Nuswantårå uga tinêmu adat istiadat, tradisi, sêni lan budåyå síng bédå-bédå. Ing bumi Jåwå waé tinêmu sêni lan budaya Pasundhan, Bêtawi, Cirêbon. Pêsisiran (pérangan kulon têkan wétan), Banyumasan, Surakartan, Ngayogyakartan, Surabayan, Mêduran, Banyuwangèn, lan satêrusé. Babagan wêwangunan ugå tinêmu manékå warnå, rupå mêsjíd, gréjå, klênt?èng, purå, candhi (Shiwa, Hindhu, lan Buda), lan liya-liyané.

Ånå manèh síng rupå omah wangún joglo, limasan, srotong, trojogan, klabang nyandêr, lan liya-liyané.

Ånå síng rupå Karaton utåwå pêtilasan karaton síng cacahé akèh, kurang luwíh suwidak iji.

Kaanan ing Indonesia síng manékå warnå mau prêlu disyukuri, amargå pêparingané Gusti Allah, Gusti síng Måhå Murbå lan Maséså Jagad.

Kabèh kawêngku ånå sajroníng nagårå Indonesia síng mêrdikå adhêdhasar Pancasila. Karånå iku trêp bangêt manåwå duwé sêsanti 'Bhineka Tunggal Ika'.

Bédå-bédå níng siji, siji níng bédå-bédå. Mpu Tantular ngríptå sêsanti síng ngédab-édabi, yakuwi 'Bhineka Tunggal Ika tan Hana Dharma Mangrwa'.

Sêsanti síng èsènsi-né jumbúh karo kaanan ånå ngêndi waé, kalêbu ing bumi Nuswantårå iki.

Kaanan síng sipat bhineka mau winêngku déníng Gusti Allah síng Måhå Kawåså.

Wís dadi pêpêst?èn manåwå bumi Nuswantårå iki pluralistik.

Mulå prêlu ditåmpå manåwå kaanan síng pluralistik iku bêrkah, rahmat, lan paringané Gusti Allah síng Måhå Wêlas lan Måhå Asíh.

Karånå iku prayogå ditåmpå, disyukuri, disênêngi, lan ditrêsnani.

Sila nomêr têlu ånå ing Pancasila nyurúng supåyå duwé pêmandêng 'Wawasan Nusantara'.

Wawasan síng nuntún supaya mandêng Indonesia sing wutúh, ora prêt?il-prêtil (parsial).

Gêgandhèngan karo sila Pêrsatuan Indonesia, ånå wulang Jåwå síng prêlu didhudhah.

Ånå ing sêrat Tripåmå ånå parågå wayang síng pantês dadi patuladhan, yåkuwi Sumantri (Patih Suwondo), Basukarnå lan Kumbokarno.

Kasêbút ånå ing têmbang dhandhanggulå síng muni: '..aran patíh Suwåndå, lêlabuhanipún, kang ginêlúng tri prakårå, gunå kåyå puruné dèn antêpi, nuhoni trah utåmå ...".

Ånå ing pupúh liyané, kasêbút: '..Kumbakarnå kinèn mangsah jurít, mríng råkå sira tan nglênggånå, nglabuhi kasatriané, ing tékad datan purún, amúng cípta labúh nagari, punagi mati ngrånå'.

Ånå ing pupúh sabanjuré, kasêbut: '...Suryaputrå narpati Ngawånggå, lan Pandhåwå tur kadangé, nèng nagri ngastinå, kinarya gul-agul, Bratayuda ingêdêkkên sénapati, dèn mungsúhkên lan kadang pribadi..'.

Wêwaton sêrat Tripåmå, akèh bangêt wulangan ngênani lêlabuhan kanggo nagårå sing nêngênaké 'kêpêntingan' nagårå katimbang kêpêntingané pribadi, utawa sêdulúr. Parågå têlu mau duwé watak lan spirit nasionalismê síng gêdhé bangêt.

Kêpêntingan nasional dipapanaké ånå papan síng luwíh dhuwúr.

Sabanjuré ånå ing sêrat Partawigênå ugå kasêbút: '... lèhíng watakingsún, manunå utamèng pråjå, amikirå kamuktin, iku baé payogå, ..'.

Ånå ing pupúh liyané kasêbút:'.. asriníng prajanira, gumantung anèng mas maník, sarêgêpå ambêciki prajanirå,.'.

Ånå manèh:'..åjå bot ing patinirå, nglabuhi slamêtíng nagri, ..', ..sanadyan tiwas, sirå matiya nèng madyaníng jurít, iku wis wajíbipún, ..'.

Wulang Jåwå ånå ing sêrat Tripamå lan Partawigênå nuntún prajurit lan pårå nayåkå pråjå supåyå pådhå trêsnå lan labúh nagårå. Mênåwå prêlu ditohi pati.

Labúh nagårå dipapanaké ånå sakdhuwuré kêpêntingan pribadi.

Naliti sêrat-sêrat síng rinipta déníng Sri Mangkunagårå akèh wulangan síng nyurúng sêmangat kabangsan.

Malah ora múng tinêmu ånå ing sastrå tinulis nanging ånå kang ora tinulis.

Tuladhané unèn-unèn síng diripta déning Sri Mangkunagara I, yåkuwi '..rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hangrungkêbi, mulat sarirå hangråså wani.'

Ånå manèh arupå tutúr kang tinular, yakuwi pangandikané Pangéran Sambêrnyåwå nalikå kasasar têkan désa Pulé (kumpulé?) Wonogiri.

Pangandikané: '.wís-wís nggèr, mangan ora mangan waton ngumpúl, tiji tibèh, mati siji mati kabèh, múkti siji múkti kabèh'. Mênåwå dijingglêngi, ånå nilai-nilai utåwå values síng antêp síng nyurúng sêmangat karukunan lan kabangsan. Ngênani bab iki jumbúh karo pêpiridan rukún agawé santoså, crah agawé bubrah.

Pangandikané Pangéran Sambêrnyåwå biså dadi tulådhå síng nggugah sêmangat nasionalismê, watak trêsnå lan mbélani nagårå, sêmangat 'Pêrsatuan dan Kêsatuan Bangsa'.

Kabèh bab kang ånå ing sila katêlu Pêrsatuan Indonesia prêlu luwíh didayakaké kanggo ngadhêpi kaanan wêktu iki. Nilai-nilai ånå ing sêsanti Bhineka Tunggal Ika prêlu didayakaké manèh.

Kêrakyatan yang Dipimpín olèh Hikmat Kêbijaksanaan Dalam Pêrmusyawaratan / Pêrwakilan

Sila síng nomêr papat ånå ing Pancasila yåkuwi 'Kêrakyatan yang dipimpín olèh híkmat kêbijaksanaan dalam Pêrmusyawaratan/Pêrwakilan'.

Babagan kêrakyatan dipapanaké ånå ing papan síng wigati. Ngênani bab iki, Pêmbukaan UUD 1945 nandhêsaké anané prinsip nagårå síng 'bêrkêdaulatan rakyat'.

Prinsip síng dianut wêwaton dasar filsafat nagårå, yåkuwi nagårå ora biså dipisahaké karo rakyat, rakyat ora biså dipisahaké karo nagårå.

Nagårå dimêrdikakaké déníng rakyat, ditåtå déníng rakyat lan prêlu mujúdaké katêntrêman, kaadilan lan kamakmuran kanggo rakyat.

Ånå ing kéné prinsip démokrasi dipapanaké minångkå landhêsan (politik) kanggo ngatúr nagara.

Filsafat démokrasi mapanaké manungsa ånå ing papan síng dhuwúr (luhúr). Manungså minångkå umaté Gusti Allah dilunggúhaké ånå papan síng trêp karo kalungguhané, harkat lan martabaté.

Månungså diakoni lan diúrmati pribadhiné, pikirané, lan hak-haké. Hak síng palíng azasi yåkuwi mardikå, bébas muni, lan bébas ngudhar gagasan.

Nagårå démokrasi njamín manungså pådhå kumpúl, bêrsêrikat, ngêdêgaké organisasi, utåwå parté politik.

Nagårå mènèhi hak marang rakyaté kanggo nyalúraké aspirasi-né ånå ing babagan åpå waé.

Démokrasi ugå ditêgêsi 'såkå rakyat, déníng rakyat, lan kanggo rakyat'. Rakyat dipapanaké dadi babagan síng wigati.

Ånå prinsip síng dipêpundhi yåkuwi 'laku jantrané' nagårå dirêmbúg déníng rakyat lan ditåtå kanggo rakyat. Kabèh kapêrluan nagårå kanggo rakyat.

Rakyat duwèni daulat lan hak ngatúr nagårå lumantar musyawarah lan mufakat. Institusi utåwå bêbadan síng makili, mêngku, lan mêngkoni sinêbút Déwan Pêrwakilan Rakyat, Majêlis Pêrwakilan Rakyat, Déwan Pêrwakilan Daérah síng dumadi såkå wakil-wakli rakyat.

Ånå ing tataran Provinsi, Kabupatèn lan Kut?å, rakyat duwèni bêbadan sing makili yåkuwi Déwan Pêrwakilan Rakyat Daérah.

Bêbadan-babadan mau duwé ayahan (tugas), hak lan kuwijaban síng diatur déníng Undang-undang.

Wêwaton Undang-undang, bêbadan mau duwé hak gawé pêraturan, duwé hak takon marang bêbadan èksêkutif, duwé hak anggaran, lan duwé hak-hak liyané síng diatúr ånå ing Pêraturan Tata Têrtib.

Ånå ing wêktu iki (sawisé réformasi), cak-cakané prinsip démokrasi sapérangan ånå síng laras karo kaanan, nangíng sapérangan ånå síng cêngkah karo kaanan. Malah kadhang kålå ånå síng rådå kêbablasên.

Akèh babagan síng isíh nggubêl lan dadi prêkara amargå lagi kêmarúk ing babagan politik (èphoria).

Cak-cakné ånå ing bêbrayan ora kabèh wêwaton prinsip '...yang dipimpín olèh 'híkmat kêbijaksanaan dalam pêrmusyawaratan/pêrwakilan'.

Bab síng mêst?iné wêwaton 'hikmat kêbijaksanaan', sapérangan akèh síng dilalèkaké.

Démokrasi pancèn cêdhak karo politik.

Cak-cakané ora biså dipisahaké karo kêpêntingan utåwå intêrès politik.

Bab iki síng njalari dadi drêdah, ruwêt, udrêg-udrêgan, tanding-tandingan.

Pêrang tandhing akèh síng kêdadèn amarga arêp ngêcak-aké prinsip démokrasi.

Akèh politisi síng durúng ngêrti filsafaté démokrasi (sêjati) síng kudu ngúrmati såpå waé, ing bababagan åpå waé.

Ndhudhah wulang Jåwå ngênani sila sing nomêr papat ånå ing Pancasila tinêmu ånå ing Sêrat Wulang Rèh: '...masahå mamasúh budi, lairé anêtêpi ing rèh kasatriyanipún, susilå anoragå'.

Ånå ing kéné diprayogakaké mèpèr sarirå,lan håwå nafsu bisa nindakaké darmané, duwé watak lan tumindak kang bêcík, utåwå susilå anoragå.

Ånå ing pupúh liyané: '...prigên têmên ing martanirèki, kang bisa ambobot, ing bot répot amríh sujanané'.

Ånå ing pupúh iku ånå wulangan supåyå tabêri ing ayahan, síng biså nimbang lan mbobot tumrap åpå waé supåyå dadi sujånå síng wataké apík.

Ånå ing Sêrat Partawigênå: '... åjå gúng gorå ing sabdå, iku gawé salah surúp'.

Ånå ing kéné diprayogakaké mênåwå muni åjå bantêr-bantêr lan nandhês amargå biså sêlíng surúp lan ndrawasi.

Ånå ing pupúh liyané: '..ånå wong kang agawé bungah, wêkasan bungah pribadi, iku radèn kèngêr patrap dadi tunå '.

Ing kéné diélingaké supåyå pådhå gawé sênêng, nangíng dudu kanggo awaké dhéwé, supaya wêkasané ora kuciwa.

Wulang Jåwå ing babagan démokrasi ora tinêmu akèh, nangíng tinêmu ånå ing unèn-unèn supåyå pådhå duwé watak síng apík ånå ing bêbrayan.



Kêadilan Sosial bagi Sêluruh Rakyat Indonesia

Sila nomêr limå ånå ing Pancasila, yåkuwi 'Kêadilan Sosial bagi Sêlurúh Rakyat Indonesia'.

Ånå ing sila iki kacakúp babagan adil tumrap såpå waé.

Nagårå prêlu lan kudu nyêdiakaké kabèh babagan síng sipat kêpêntingan umúm.

Kêpêntingan kanggo kabèh warga nagårå síng ora bisa dibédak-bédakaké.

Nagårå prêlu lan kudu adíl supåyå bisa murakabi kabèh brayan síng ånå ing bumi Nuswantårå.

Ånå ing 'Pêmbukaan UUD 1945' ugå ditandhêsaké prêluné adíl ora múng kanggo kêpêntingan umúm, nangíng ugå kacakup tumrap kêpêntingan pribadi síng sipaté khusus.

Wargå nagårå duwèni bab síng sipat pribadi, duwé kulåwargå, bab suku (ètnis), lan sipat golongan, síng prêlu dipikír, dirêngkúh, lan digatèkaké kanthi adíl.

Nagårå kudu adíl, åjå 'êmban chindhé êmban siladan'.

Marang såpå waé kudu dianggêp lan disikêpi pådhå, waråtå, lan paramartå.

Watak adíl síng sipat paramartå dadi babagan síng prêlu dipapanaké déníng nagårå ånå ing papan kang luhúr.

No comments:

Post a Comment