DARMAGANDHUL.
Carita adêge nagara Islam ing Dêmak bêdhahe nagara Majapahit kang
salugune wiwite wong Jawa ninggal agama Buddha banjur salin agama
Islam.
(Kisah mengenai berdirinya Kerajaan Islam Demak dan runtuhnya
Kerajaan Majapahit yang sebenarnya. Awal mulanya Orang Jawa
Meninggalkan Agama Buddha dan Beralih pada Agama Islam)
Gancaran basa Jawa ngoko.
Babon asli tinggalane
K.R.T. Tandhanagara, Surakarta.
Cap-capan ingkang kaping sêkawan 1959
Toko Buku "Sadu-Budi" Sala.
BÊBUKA.
Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangikêtira, kiyai
Kalamwadine, ing nguni anggêguru, puruhita mring Raden Budi,mangesthi
amiluta, duta rehing guru, sru sêtya nglampahi dhawah,panggusthine
tan mamang ing lair batin, pinindha lir Jawata.
Satuduhe Raden Budi êning, pan ingêmbun pinusthi ing cipta, sumungkêm
lair batine, tan etung lêbur luluh, pangesthine ing awal akhir,
tinarimeng Bathara, sasêdyanya kabul, agung nugraheng Hyang Suksma,
sinung ilham ing alam sahir myang kabir, dumadya auliya.
Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susêtya, mring
dhawuh wêling gurune, kêdah mêdharkên kawruh, karya suka pirêneng
jalmi, mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh, kyai Kalamwadi
ngarang, sinung aran srat Darmagandhul jinilid, sinung têmbang
macapat.
Pan katêmben amaos kinteki, têmbang raras rum sêya prasaja, trêwaca
wijang raose, mring tyas gung kumacêlu, yun darbeya miwah nimpêni,
pinirit tinuladha, lêlêpiyanipun, sawusnya winaos tamat, linaksanan
tinêdhak tinurun sungging, kinarya nglipur manah.
Pan sinambi-sambi jagi panti, sasêlanira ngupaya têdha, kinarya cagak
lênggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarêm-arêmi,
tarimanireng badan, anganggur ngêthêkur, ngêbun-bun pasihaning Hyang,
suprandene tan kalirên wayah siwi, sagotra minulyarja.
Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang karseng Hyang,
ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping trilikur ri Tumpak
manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang windu, masa Nêm ringkêlnya
Aryang, wuku Wukir sangkalanira ing warsi: wuk guna ngesthi Nata
(taun Jawa 1830).
[Bagian Pembukaan tidak diterjemahkan karena penterjemah tidak paham
bahasa Jawa klasik]
DARMAGANDHUL.
Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi mangkene "Mau-
maune kêpriye dene wong Jawa kok banjur padha ninggal agama Buddha
salin agama Islam?"
(Pada suatu hari bertanyalah Darmagandhul pada Kalamwadi sebagai
berikut, "Asal mulanya bagaimana, kok orang Jawa meninggalkan Agama
Buddha dan berubah menganut Agama Islam?")
Wangsulane Ki Kalamwadi: "Aku dhewe iya ora pati ngrêti, nanging aku
wis tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kêna dipracaya,
nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama Buddha banjur salin
agama Rasul".
(Jawabannya Ki Kalamwadi, "Saya sendiri juga tidak begitu mengerti,
tapi saya sudah pernah diberi tahu oleh guru saya, selain itu guru
saya itu juga bisa dipercaya, [Beliau] menceritakan asal mulanya
orang Jawa meninggalkan Agama Buddha dan berganti menganut agama
Rasul (Islam).")
Ature Darmagandhul: "Banjur kapriye dongengane?"
(Darmagandhul bertanya, "Bagaimana kalau begitu ceritanya?")
Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: "Bab iki satêmêne iya prêlu
dikandhakake, supaya wong kang ora ngrêti mula-bukane karêben ngrêti".
(Ki Kalamwadi lalu berkata lagi, "Hal ini sesungguhnya juga perlu
diungkapkan agar orang yang tidak tahu asal mulanya menjadi tahu.")
Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jênênge nagara Majalêngka, dene
ênggone jênêng Majapahit iku, mung kanggo pasêmon, nanging kang
durung ngrêti dêdongengane iya Majapahit iku wis jênêng sakawit. (1)
Ing nagara Majalêngka kang jumênêng Nata wêkasan jêjuluk Prabu
Brawijaya.
(Pada zaman kuno, Kerajaan Majapahit itu namanya Kerajaan Majalengka,
sedangkan nama Majapathit itu, hanya sebagai perumpamaan, tetapi bagi
yang belum tahu ceritanya, Majapahit itu telah merupakan namanya
semenjak awal. (1) Di Kerajaan Majapahit yang berkuasa sebagai Raja
adalah Prabu Brawijaya.)
Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu krama
oleh Putri Cêmpa, (2) ing mangka Putri Cêmpa mau agamane Islam,
sajrone lagi sih-sinihan, Sang Rêtna tansah matur marang Sang Nata,
bab luruhe agama Islam, sabên marak, ora ana maneh kang diaturake,
kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti njalari katariking
panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau.
(Pada saat itu, Sang Prabu sedang dimabuk asmara, ia menikah dengan
Putri Cempa, (2) karena Putri Cempa itu beragama Islam, maka saat
sedang berdua-duaan, Sang Putri [selalu] berbicara pada sang Raja,
mengenai agama Islam. Tiap kali berkata-kata, tidak ada hal lain yang
dibicarakan, selain mengagung-agungkan agama Islam, sehingga
menyebabkan tertariknya hati Sang Prabu akan agama Islam.)
Ora antara suwe kaprênah pulunane Putri Cêmpa kang aran Sayid Rakhmat
tinjo mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi marang Sang Nata,
kaparênga anggêlarake sarengate agama Rasul.
(Tidak berama lama datanglah pengikut Putri Cempa yang bernama Sayid
Rakhmat ke Majalengka. Ia minta izin pada sang raja, untuk menggelar
penyebaran agama Rasul (Islam).)
Sang Prabu iya marêngake apa kang dadi panyuwune Sayid rakhmat mau.
Sayid Rakhmat banjur kalakon dhêdhukuh ana Ngampeldênta ing Surabaya
(3) anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka
sabrang kang padha têka, para ngulama lan para maulana iku padha
marêk sang Prabu ing Majalêngka, sarta padha nyuwun dhêdhukuh ing
pasisir.
(Sang Prabu juga mengabulkan apa yang diminta oleh Sayid Rakhmat itu.
Sayid Rakhmat lalu mendirikan sebuah desa kecil (dukuh) di
Ngampeldenta, Surabaya. Ia mengajar agama Islam di sana. Selanjutnya
makin banyak para ulama dari seberang yang datang. Para ulama dan
para maulana itu beramai-ramai menghadap sang raja di Majalengka,
serta sama-sama meminta desa kecil di daerah pesisir.)
Panyuwunan mangkono mau uga diparêngake dening Sang Nata. Suwe-suwe
pangidhêp mangkono mau saya ngrêbda, wong Jawa banjur akeh bangêt
kang padha agama Islam.
(Permintaan tersebut juga dikabulkan oleh Sang Raja. Lama-lama
perkampungan kecil semacam itu makin menjamur, orang Jawa makin
banyak yang beragama Islam.)
Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama Islam
kabeh, dene panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban. Sayid Kramat
iku maulana saka ing 'Arab têdhake Kanjêng Nabi Rasulu'llah, mula
bisa dadi gurune wong Islam. Akeh wong Jawa kang padha kelu maguru
marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing pasisir lor sapangulon sapangetan
padha ninggal agamane Buddha, banjur ngrasuk agama Rasul. Ing
Blambangan sapangulon nganti tumêka ing Bantên, wonge uga padha kelu
rêmbuge Sayid Kramat.
(Sayid Kramat menjadi gurunya orang-orang yang sudah menganut agama
Islam. Tempat menetapnya berada di Benang (juga disebut Bonang -
penterjemah), Tuban. Sayid Kramat itu adalah pemuka agama yang
berasal dari Arab, atau tempat kelahirannya Nabi Muhammad, sehingga
dapat menjadi gurunya para penganut agama Islam. Banyak orang Jawa
yang berguru pada Sayid Kramat. Orang Jawa di pesisir utara, baik
bagian barat maupun timur, sama-sama meninggalkan agama Buddha dan
berpindah masuk Islam. Dari Blambangan ke arah barat hingga Banten,
banyak orang yang telah mematuhi perkataan Sayid Kramat.)
Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kêlakon urip nganti
sewu taun, dene wong-wonge padha manêmbah marang Budi Hawa. Budi iku
Dzate Hyang Widdhi, Hawa iku karêping hati, manusa ora bisa apa- apa,
bisane mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake.
(Pada saat itu agama Buddha telah dianut di tanah Jawa selama seribu
tahun, para penganutnya menyembah pada Budi Hawa. Budi adalah Zat
dari Hyang Widdhi, sedangkan Hawa itu adalah kehendak hati. Manusia
itu tidak dapat berbuat apa-apa selain berusaha menjalankan, tetapi
budi yang mengubah segalanya.)
Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka Putri
Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi têtêngêr
Raden Patah.
(Raja Brawijaya memiliki putra dari seorang putri berkebangsaan Cina.
Putranya itu lahir di Palembang, dan diberi nama Raden Patah.)
Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti sadhereke
seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satêkane Majalêngka Sang
Prabu kewran panggalihe ênggone arêp maringi sêsêbutan marang
putrane, awit yen miturut lêluri saka ingkang rama, Jawa Buddha
agamane, yen nglêluri lêluhur kuna, putraning Nata kang pambabare ana
ing gunung, sêsêbutane Bambang.
(Tatkala Raden Patah sudah dewasa, ia mengunjungi ayahnya. Ia
memiliki saudara lain ibu yang bernama Raden Kusen. Setibanya di
Majalengka Sang Prabu bingung hatinya untuk memberi nama pada
puteranya. Sebab menurut tradisi leluhur Jawa yang beragama Buddha,
putra raja yang lahir di gunung, disebut Bambang.)
Yen miturut ibu, sêsêbutane: Kaotiang, dene yen wong 'Arab sêsêbutane
Sayid utawa Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih sarta para nayaka,
padha dipundhuti têtimbangan ênggone arêp maringi sêsêbutan ingkang
putra mau. Saka ature Patih, yen miturut lêluhur kuna putrane Sang
Prabu mau disêbut Bambang, nanging sarehne ibune bangsa Cina, prayoga
disêbut Babah, têgêse pambabare ana nagara liya.
(Kalau menurut ibunya, namanya adalah Kaotiang, yaitu kalau dalam
bahasa Arab disebut Sayid atau Sarib. Sang Prabu lalu memanggip para
patih dan pegawai kerajaan. Mereka diminta pendapatnya di dalam
memberikan nama bagi putranya itu. Patih berkata bahwa kalau menurut
leluhur zaman dahulu, anak raja itu seharusnya diberi nama Bambang,
tetapi karena ibunya berkembangsaan Cina, maka seharusnya disebut
Babah, yang artinya lahirnya ada di negara lain.)
Ature Patih kang mangkono mau, para nayaka uga padha mupakat, mula
Sang Nata iya banjur dhawuh marang padha wadya, yen putra Nata kang
miyos ana ing Palembang iku diparingi sêsêbutan lan asma Babah Patah.
Katêlah nganti tumêka saprene, yen blastêran Cina lan Jawa sêsêbutane
Babah.
(Pendapat sang patih tersebut juga disepakati oleh para pegawai
kerajaan. Oleh karenanya sang raja mengumumkan bahwa putranya itu
yang lahir di Palembang, diberi nama Babah Patah. Hingga sampai
sekarang, orang yang berdarah campuran Cina dan Jawa diberi nama
Babah.)
Ing nalika samana, Babah Patah wêdi yen ora nglakoni dhawuhe ingkang
rama, mulane katone iya sênêng, sênênge mau amung kanggo samudana
bae, mungguh satêmêne ora sênêng bangêt ênggone diparingi sêsêbutan
Babah iku.
(Babah Patah, takut kalau tidak mematuhi sabda bapaknya, karena itu
bersikap seolah-olah senang. Padahal ia tidak benar-benar senang-
senang diberi nama Babah.)
Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing Dêmak,
madanani para bupati urut pasisir Dêmak sapangulon, sarta Babah Patah
dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabênêr wayahe kiyai Agêng
Ngampel.
(Kemudian Babah Patah diangkat menjadi bupati di Demak, untuk
mengepalai para bupati di pesisir Demak ke arah barat. Babah Patah
lalu diperintahkan untuk berguru di Ngampelgadhing, yang kebetulan
dikepalai oleh Kyai Ageng Ngampel.)
Barêng wis sawatara masa, banjur boyong marang Dêmak, ana ing desa
Bintara, sarta sarehne Babah Patah nalika ana ing Palembang agamane
wis Islam, anane ing Dêmak didhawuhi nglêstarekake agamane, dene
Raden Kusen ing nalika iku jinunjung dadi Adipati ana ing Têrung (5),
pinaringan nama sarta sêsêbutan Raden Arya Pêcattandha.
(Ketika waktunya telah tiba, ia pindah ke Demak, yakni ke desa
Bintara. Sebetulnya Babah Patah telah beragama Islam saat di
Palembang. Oleh sebab itu, tatkala telah berada di Demak, ia
diperintahkan untuk melestarikan agamanya. Sedangkan Raden Kusen
diangkat menjadi adipati di Terung, dan diberi gelar Raden Arya
Pecattandha.)
Suwening suwe sarak Rasul saya ngrêbda, para ngulama padha nyuwun
pangkat sarta padha duwe sêsêbutan Sunan, Sunan iku têgêse budi,
uwite kawruh kaelingan kang bêcik lan kang ala, yen wohe budi ngrêti
marang kaelingan bêcik, iku wajib sinuwunan kawruhe ngelmu lair
batin. Ing wêktu iku para ngulama budine bêcik-bêcik, durung padha
duwe karêp kang cidra, isih padha cêgah dhahar sarta cêgah sare.
(Makin lama agama Rasul makin menyebar luas, para ulama menjadi ingin
memiliki gelar, dimana kemudian mereka digelari Sunan. Sunan itu
artinya budi, pohon pengetahuan kesadaran pada yang baik dan buruk.
Jika buah budi itu menyadari akan kebaikan, maka ia wajib menuntut
ilmu lahir dan bathin. Pada saat itu para ulama masih memiliki hati
yang baik, belum memiliki keinginan buruk, masih menahan diri dari
makan dan tidur.)
Sang Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake Buddha,
kok nganggo sêsêbutan Sunan, lakune isih padha cêgah mangan, cêgah
turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah mangan turu, mung nuruti rasaning
lesan lan awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu Brawijaya uga banjur
paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya sumêbar.
(Sang Prabu Brawijaya jadi jatuh hati, para ulama itu dikiranya
Buddha, tetapi kok disebut Sunan. Tingkah laku mereka masih menahan
diri dari makan dan tidur. Apabila mengikuti rasul, maka mereka
[seharusnya] bukan menahan diri dari makan dan tidur, melainkan hanya
menuruti hawa nafsu keinginan. Tatkala kebiasaan menahan diri dari
makan dan tidur telah rusak, tetapi Prabu Brawijaya telah terlanjur
memberikan angin. Makin lama agama rasul makin menyebar.)
Ing wêktu iku ana nalar kang aneh, ora kêna dikawruhi sarana netra
karna sarta lesan, wêtune saka engêtan, jroning utêk iku yen diwarahi
budi nyambut gawe, kang maca lan kang krungu nganggêp têmên lan ora,
iya kudu ditimbang ing sabênêre, saiki isih ana wujuding patilasane,
isih kêna dinyatakake, mula saka pangiraku iya nyata.
(Pada saat itu ada peristiwa-peristiwa yang aneh yang tidak masuk
akal. Peristiwa-peristiwa tersebut diketahui dari ingatan semata.
Apabila membaca atau mendengar, maka perlu dipertimbangkan benar dan
tidaknya. Tetapi karena sampai sekarang masih ada peninggalannya,
maka menurut pendapatku hal tersebut benar-benar terjadi.)
Dhek nalika samana Sunan Benang sumêdya tindak marang Kadhiri, kang
ndherekake mung sakabat loro. Satêkane lor Kadhiri, iya iku ing tanah
Kêrtasana, kêpalangan banyu, kali Brantas pinuju banjir. Sunan Benang
sarta sakabate loro padha nyabrang, satêkane wetan kali banjur niti-
niti agamane wong kono apa wis Islam, apa isih agama Budi.
(Pada saat itu Sunan Benang bersiap-siap untuk mengunjungi Kediri,
yang mengantarnya hanya dua orang sahabat. Ketika tiba di utara
Kediri, yaitu di tanah Kertasana, mereka terhalang oleh air. Sungai
Brantas saat itu kebetulan sedang banjir. Sunan Benang dan dua orang
sahabatnya sama-sama menyeberang, dan ketika telah tiba di seberang
ia mencari tahu apakah orang di sana telah beragama Islam, ataukah
masih menganut agama Budi.)
Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang, sarak Buddha mung
sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-bribik, wong ing kono
akeh padha agama Kalang, mulyakake Bandung Bandawasa. Bandung
dianggêp Nabine, yen pinuji dina Riyadi, wong-wong padha bêbarêngan
mangan enak, padha sênêng-sênêng ana ing omah. Sunan Benang
ngandika: "Yen ngono wong kene kabeh padha agama Gêdhah, Gêdhah iku
ora irêng ora putih, tanah kene patut diarani Kutha Gêdhah".
(Menurut Ki Bandar, orang di sana agamanya Kalang, bukan Buddha namun
mirip, sedangkan agama Rasul masih sedikit sekali tersebarnya. Orang
di sana yang sebagian besar beragama Kalang memuliakan Bandung
Bandawasa. Bandung dianggap nabi mereka. Pada saat hari perayaan
keagamaan mereka bersama-sama makan enak dan bersenang-senang di
rumah. Sunan Benang berkata, "Jika begitu maka orang di sini sama-
sama beragama Gedhah, Gedhah itu tidak hitam ataupun putih. Tempat
ini pantas disebut Kutha Gedhah.")
Ki Bandar matur: "Dhawuh pangandika panjênêngan, kula ingkang
nêkseni". Tanah saloring kutha kadhiri banjur jênêng Kutha Gêdhah,
nganti têkane saiki isih karan Kutha Gêdhah, nanging kang mangkono
mau arang kang padha ngrêti mula-bukane.
(Ki Bandar menjawab, "Baik, yang mulia, saya yang menjadi saksi."
Tempat di bagian utara Kediri namanya mulai sekarang adalah Kutha
Gedhah." Hingga saat ini masih disebut dengan Kutha Gedhah, tetapi
orang jarang mengetahui asal mula nama tersebut.)
Sunan Benang ngandika marang sakabate: "Kowe goleka banyu imbon
mênyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthêk, yen
diombe nglarani wêtêng, lan maneh iki wancine luhur, aku arêp wudhu,
arêp salat".
(Sunan Benang berkata pada sahabatnya, "Carilah air minum di desa,
sungai masih banjir dan airnya keruh. Jika diminum maka akan
menyebabkan sakit perut. Selain itu sudah waktunya salat Lohor. Saya
mau wudhu untuk salat")
Sakabate siji banjur lunga mênyang padesan arêp golek banyu, têkan
ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge lanang, kang ana
mung bocah prawan siji, wajah lagi arêp mêpêg birahi, ing wêktu iku
lagi nênun. Sakabat têka sarta alon calathune: "mBok Nganten, kula
nêdha toya imbon bêning rêsik". mBok Prawan kaget krungu swarane wong
lanang, barêng noleh wêruh lanang sajak kaya santri, MBok Prawan
salah cipta, pangrasane wong lanang arêp njêjawat, mêjanani marang
dheweke, mula ênggone mangsuli nganggo têmbung saru: "nDika mêntas
liwat kali têka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki botên
entên carane wong ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bêning,
yen sampeyan ajêng ngombe".
(Salah seorang sahabatnya lalu pergi ke desa mencari air minum. Ia
sampai di desa Pathuk dan menjumpai rumah yang nampaknya tidak ada
prianya. Yang ada hanya seorang gadis perawan menjelang dewasa,
dimana saat itu ia sedang menenun. Sahabat Sunan Benang mendekat
serta berkata perlahan, "Mbok Nganten (panggilan terhadap wanita
dalam bahasa Jawa), saya minta air minum yang bening dan bersih."
Gadis perawan itu terkejut mendengar suara pria, ketika menoleh ia
melihat seorang pria yang nampaknya mirip santri. Gadis perawan
tersebut salah sangka, ia mengira orang tersebut ingin menggodanya,
maka dijawabnya dengan perkataan kotor, "Anda menyeberang sungai
datang kemari untuk minta air minum. Di sini tidak ada air minum,
selain air kencing saya yang bening, jika Anda ingin meminumnya.")
Santri krungu têtêmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit lakune
dirikatake sarta garundêlan turut dalan, satêkane ngarsane Sunan
Benang banjur ngaturake lêlakone nalika golek banyu. Sunan Benang
mirêng ature sakabate, bangêt dukane, nganti kawêtu pangandikane
nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang banyu, prawane aja
laki yen durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen durung dadi jaka
tuwa, barêng kêna dayaning pangandika mau, ing sanalika kali Brantas
iline dadi cilik, iline banyu kang gêdhe nyimpang nrabas desa alas
sawah lan patêgalan, akeh desa kang padha rusak, awit katrajang
ilining banyu kali kang ngalih iline, kali kang maune iline gêdhe
sanalika dadi asat. Nganti tumêka saprene tanah Gêdhah iku larang
banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep ênggone omah-omah. Sunan
Benang têrus tindak mênyang Kadhiri.
(Sang santri yang mendengar ucapan kotor itu pergi tanpa pamit dan
jalannya dicepat-cepatkan. Ia menggerutu dalam hati dan menceritakan
pengalamannya di hadapan Sunan Bonang. Ketika mendengar hal itu Sunan
Bonang marah sekali, ia kemudian mengucapkan sumpah serapah pada
warga desa tersebut. Tempat itu dikutuk agar susah mendapatkan air,
para gadisnya akan terlambat menikah dan demikian pula kaum
perjakanya. Sesudah kutukan tersebut diucapkan aliran Sungai Brantas
menjadi kecil. Aliran sungai yang pada mulanya besar itu menyimpang
dan membanjiri desa, sawah, dan ladang. Banyak desa yang rusak karena
diterjang aliran sungai yang berpindah alirannya. Sungai yang pada
mulanya deras alirannya itu menjadi surut. Hingga saat ini tempat
tersebut menjadi susah air serta gadis dan perjakannya terlambat
menikah. Sunan Benang melanjutkan perjalanannya ke Kediri.)
Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai Plêncing, iya iku dhêmit ing
sumur Tanjungtani, tansah digubêl anak putune, padha wadul yen ana
wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para lêlêmbut, ngêndêl-
êndêlake kaprawirane, kali kang saka Kadhiri disotake banjur asat
sanalika, iline banjur salin dalan kang dudu mêsthine, mula akeh
desa, alas, sawah sarta patêgalan, kang padha rusak, iya iku saka
panggawene
(Pada waktu itu ada seorang makhluk halus bernama Nyai Plencing,
yakni makhluk halus yang berdiam di sumur Tanjungtani. Anak cucunya
para berkeluh kesah padanya, mereka melaporkan tindakan orang bernama
Sunan Benang yang kegemarannya menyiksa para makhluk halus serta
memamerkan kesaktiannya. Sungai yang mengalir di Kediri dijadikan
surut airnya serta berpindah alirannya ke arah lain yang tidak
seharusnya. Sehingga banyak desa, hutan, sawah, dan ladang yang
rusak. Semua itu akibat ulah Sunan Bonang.)
Sunan Benang, kang uga ngêsotake wong ing kono, lanang wadon ngantiya
kasep ênggone omah-omah, sarta kono disotake larang banyu sarta
diêlih jênênge tanah aran Kutha Gêdhah, Sunan Benang dhêmêne salah
gawe. Anak putune Nyai Plêncing padha ngajak supaya Nyai Plêncing
gêlêma nêluh sarta ngrêridhu Sunan Benang, bisaa tumêka ing pati,
dadi ora tansah ganggu gawe. Nyai Plêncing krungu wadule anak putune
mangkono mau, enggal mangkat mêthukake lakune Sunan Benang, nanging
dhêmit-dhêmit mau ora bisa nyêdhaki Sunan Benang, amarga rasane awake
padha panas bangêt kaya diobong.
(Sunan Bonang juga mengutuk orang di sana, gadis dan perjaka akan
terlambat kimpoi. Sunan Benang itu kegemarannya bertindak salah. Anak
cucu Nyai Plencing bersama-sama memohon Nyai Plencing agar bersedia
menyantet Sunan Benang sampai mati dan tidak menganggu mereka lagi.
Nyai Plencing yang mendengar keluh kesan anak cucunya itu, segera
pergi menjumpai Sunan Benang. Tetapi makhluk-makhluk halus tersebut
tidak dapat mendekati Sunan Benang, karena tubuh mereka serasa panas
terbakar.)
Dhêmit-dhêmit mau banjur padha mlayu marang Kadhiri, satêkane ing
Kadhiri, matur marang ratune, ngaturake kahanane kabeh. ratune
manggon ing Selabale. (6) Jênênge Buta Locaya, dene Selabale iku
dununge ana sukune gunung Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri Jayabaya,
maune jênênge kiyai Daha, duwe adhi jênênge kiyai Daka. Kiyai daha
iki cikal-bakal ing Kadhiri, barêng Sri Jayabaya rawuh, jênênge kiyai
Daha dipundhut kanggo jênênge nagara, dheweke diparingi Buta Locaya,
sarta banjur didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.
(Makhluk-makhluk halus itu lalu lari ke Kediri. Ketika tiba di sana
mereka melaporkan pada rajanya segala hal yang mereka alami. Raja
makhluk halus itu berdiam di Selabale, namanya adalah Buta Locaya.
Selabale itu letaknya ada di kaki gunung Wilis. Buta Locaya itu
adalah patih Sri Jayabaya, dulu namanya adalah kyai Daha dan memiliki
adik bernama Kyai Daka. Kyai Daha itu asal usulnya ada di Kediri.
Pada saat Sri Jayabaya tiba di sana, nama Kyai Daha itu dijadikan
nama negara dan ia kemudian diberi nama Buta Locaya dan dijadikan
patih oleh Sang Prabu Jayabaya.)
Buta iku têgêse: butêng utawa bodho, Lo têgêse kowe, caya têgêse:
kêna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging têmên mantêp
sêtya ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana sêbutan kiyai,
iya iku kiyai daha lan kiyai Daka, kiyai têgêse: ngayahi anak putune
sarta wong-wong ing kanan keringe.
(Buta itu artinya buteng atau bodoh, Lo itu artinya kamu, caya
artinya bisa dipercaya. Sehingga Kyai Buta Locaya itu artinya bodoh,
tetapi kawan yang setia dan patuh pada pimpinannya. Oleh karena itu
ia dijadikan patih. Yang pertama kali bergelar kyai adalah Kyai Daha
dan Kyai Daka. Kyai itu artinya mengayomi anak cucu dan orang-orang
yang berada di kanan-kirinya.)
Jêngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing kono Sang
Prabu sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangêt marang
kiyai Daka, jênênge kiyai Daka dipundhut kanggo jênêng desa, dene
kiyai Daka banjur diparingi jênêng kiyai Tunggulwulung, sarta dadi
senapatining pêrang.
(Sang raja lalu menuju ke rumah Kyai Daka. Di sana Sang Prabu
Jayabaya beserta seluruh pengikut dan pengawalnya disambut dengan
meriah, sehingga sang raja sangat mengasihi Kyai Daka. Nama Kyai Daka
dijadikan nama desa dan selain itu ia diberi gelar Kyai Tunggulwulung
serta diangkat menjadi panglima perang.)
__________________
Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni Mas Ratu
Pagêdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga padha muksa; Ni
Mas Ratu Pagêdhongan dadi ratuning dhêmit nusa Jawa, kuthane ana
sagara kidul sarta jêjuluk Ni Mas Ratu Anginangin. Sakabehe lêlêmbut
kang ana ing lautan dharatan sarta kanan keringe tanah Jawa, kabeh
padha sumiwi marang Ni Mas Ratu Anginangin.
Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai Tunggulwulung ana
ing gunung Kêlut, rumêksa kawah sarta lahar, yen lahar mêtu supaya
ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane.
(Ketika Sang Prabu Jayabaya dan putrinya yang bernama Ni Mas Ratu
Pagedhongan telah moksha, maka Buta Locaya dan Kyai Tunggulwulung
juga ikut moksha. Ni Mas Ratu Pagedhongan menjadi ratu makhluk halus
seluruh Jawa. Pusat kerajannya ada di laut selatan dan digelari Ni
Mas Ratu Anginangin. Seluruh makhluk halus yang ada di lautan dan
daratan serta juga kanan kiri Tanah Jawa bersama-sama takluk pada Ni
Mas Ratu Anginangin. Buta Locaya kediamannya ada di Selabale,
sedangkan Kyai Tunggulwulung ada di Gunung Kelut. Ia mengawasi dan
dan lahar agar supaya saat lahar keluar tidak merusak desa dan lain
sebagainya.)
Ing wêktu iku kiyai Buta Locaya lagi lênggah ana ing kursi kêncana
kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinêbutan êlaring mêrak,
diadhêp patihe aran Megamêndhung, lan putrane kakung loro uga padha
ngadhêp, kang tuwa arane Panji Sêktidiguna, kang anom aran panji
Sarilaut.
(Waktu itu Kyai Buta Locaya sedang duduk di singgasananya yang
dialasi kasur permadani. Datang mengahadap patihnya bernama
Megamendhung dan dua putra tertuanya juga hadir. Yang lebih tua
bernama Panji Sektiguna dan adiknya bernama Sarilaut.)
Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhêp, kaget kasaru
têkane Nyai Plêncing, ngrungkêbi pangkone, matur bab rusake tanah lor
Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong saka Tuban
kang sumêdya lêlana mênyang Kadhiri, arane Sunan Benang. Nyai
Plêncing ngaturake susahe para lêlêmbut sarta para manusa.
(Buta Locaya sangat terkejut dengan laporan Nyai Plencing mengenai
tingkah polah Sunan Benang yang merusak tanah di utara Kediri. Ia
mengatakan bahwa Sunan Benang yang merusak itu orang dari Tuban yang
berkelana ke Kediri. Nyai Plencing mengisahkan penderitaan para
makhluk halus dan manusia.)
Buta Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt dukane,
sarirane nganti kaya gêni, sanalika banjur nimbali putra-wayahe sarta
para jin pêri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan Benang. Para
lêlêmbut mau padha sikêp gêgaman pêrang, sarta lakune barêng karo
angin, ora antara suwe lêlêmbut wis têkan ing saêloring
desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud manusa aran kiyai
Sumbre, dene para lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha ora
ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing têngah dalan sangisoring
wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang kang saka êlor.
(Buta Locaya mendengar laporan Nyai Plencing itu menjadi sangat
marah. Wajahnya menjadi merah padam bagaikan api. Ia segera memanggil
anak-anaknya dan juga para makhluk halus jin serta peri. Ia mengajak
mereka melawan Sunan Benang. Para makhluk halus itu bersiap-siap
untuk perang. Mereka berjalan secepat angin, tidak berapa lama mereka
tiba di utara desa Kukum, di sana Buta Locaya beralih wujud menjadi
manusia yang bernama Kyai Sumbre. Ia kemudian berdiri di tengah
jalan, di bawah pohon sambi, menghadang perjalanan Sunan Benang dari
utara.)
Ora antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis ora
kasamaran yen kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku ratuning
dhêmit, sumêdya ganggu gawe, katitik saka awake panas kaya mawa. Dene
lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha sumingkir adoh, ora bêtah
kêna prabawane Sunan Benang. Mangkono uga Sunan Benang uga ora bêtah
cêdhak karo kiyai Sumbre, amarga kaya dene cêdhak mawa, kiyai Sumbre
mangkono uga.
(Tidak lama kemudian, Sunang Bonang datang dari arah utara. Ia sudah
mengetahui bahwa yang berdiri di bawah pohon itu rajanya makhluk
halus yang terlah bersiap-siap untuk menganggu dirinya. Dimana hal
itu diketahui dari hawa panas yang keluar dari makhluk halus
tersebut. Para makhluk halus yang berjumlah banyak tersebut bersama-
sama menyingkir jauh-jauh karena tidak tahan dengan hawa kekuatan
Sunan Bonang. Namun Sunan Bonang juga tidak tahan berada di dekat
Kyai Sumbre, karena kemanapun Sunan Bonang menyingkir, maka Kyai
Sumbre ada di tempat itu pula.)
Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên, amarga
kêna daya prabawane kiyai Sumbre.
(Dua orang sahabat Sunan Bonang pingsan, karena kedinginan. Mereka
tidak tahan terkena hawa kekuatan Kyai Sumbre.)
Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: "Buta Locaya! Kowe kok
mêthukake lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa padha
slamêt?".
(Sunan Bonang menegur Kyai Sumbre, "Buta Locaya! Kamu menghadang
jalanku, serta menyamar sebagai Sumbre. Apa kamu cari mati?")
Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge dheweke,
dadi dheweke kawanguran karêpe, wusana banjur matur marang Sunan
Benang: "Kados pundi dene paduka sagêd mangrêtos manawi kula punika
Buta Locaya?".
(Buta Locaya terkejut bukan main, karena Sunan Bonang mengetahui
namanya, sehingga ia merasa ketahuan rahasianya. Lalu bertanyalah ia
pada Sunan Bonang, "Darimana Anda dapat mengetahui bahwa saya adalah
Buta Locaya?")
Sunan Benang ngandika: "Aku ora kasamaran, aku ngrêti yen kowe
ratuning dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.".
(Sunan Bonang berkata, "Aku tidak tertipu, aku tahu bahwa engkau
adalah rajanya para makhluk halus di Kediri, namamu adalah Buta
Locaya.")
Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: "Paduka punika tiyang punapa,
dene mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi. Kados wangun
walang kadung?".
(Kyai Sumbre menjawab pada Sunan Bonang, "Anda itu orang mana, kok
tingkah lakunya tidak sopan, beda dengan adat istiadat Jawa. Seperti
belalang saja [loncat sini loncat sana.")
Sunan Benang ngandika maneh: "Aku bangsa 'Arab, jênêngku Sayid
Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh kang dadi sêdyaku
arêp mênyang Kadhiri, pêrlu nonton patilasan kadhatone Sang Prabu
Jayabaya, iku prênahe ana ing ngêndi?".
(Sunan Bonang berkata lagi, "Aku orang Arab, namaku adalah Sayid
Kramat, sedangkan rumah saya ada di Bonang, Tuban. Aku ke Kediri
karena ingin melihat peninggalan istana Sang Prabu Jayabaya. Istana
tersebut dulunya berada di mana?")
Buta Locaya banjur matur: "Wetan punika wastanipun dhusun Mênang (9),
sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta pasanggrahanipun
inggih sampun botên wontên, kraton utawi patamanan Bagendhawati
ingkang kagungan Ni Mas Ratu Pagêdhongan inggih sampun sirna,
pasanggrahan Wanacatur ugi sampun sirna, namung kantun namaning
dhusun, sadaya wau sirnanipun kaurugan siti pasir sarta lahar saking
rêdi Kêlut.
(Buta Locaya menjawab, "Di sebelah timur itu, yakni di desa Menang,
semua peninggalan telah musnah, istana serta tempat pesanggrahan juga
telah tiada lagi. Istana dan taman istana Bagendhawati milik Ni Mas
Ratu Pagedhongan juga telah musnah, pesanggrahan Wanacatur juga telah
sirna, yang tertinggal adalah nama desa itu. Semua itu musnah
tertimbun tanah pasir dan lahar dari gunung Kelut.)
Kula badhe pitaken, paduka gêndhak sikara dhatêng anak putu Adam,
nyabdakakên ingkang botên patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta ngêlih
nami Kutha Gêdhah, ngêlih lepen, lajêng nyabdakakên ing ngriki awis
toya, punika namanipun siya-siya botên surup, sikara tanpa dosa,
saiba susahipun tiyang gêsang laki rabi sampun lungse, lajêng botên
gampil pêncaripun titahing Latawalhujwa, makatên wau saking sabda
paduka, sêpintên susahipun tiyang ingkang sami kêbênan, lepen Kadhiri
ngalih panggenan mili nrajang dhusun, wana, sabin, pintên-pintên sami
risak, ngriki paduka-sotakên, sêlaminipun awis toya, lepenipun asat,
paduka sikara botên surup, nyikara tanpa prakara"
(Sekarang saya hendak bertanya, Anda menyiksa anak cucu Adam,
mengucapkan sesuatu yang tidak patut diucapkan. [Mengutuk] orang
menjadi perawan dan perjaka tua, dan juga mengubah nama menjadi Kutha
Gedhah, memindah aliran sungai, dan selanjutnya mengutuk bahwa di
daerah ini akan susah air. Itu namanya tindakan yang tidak berguna,
menyiksa orang lain yang tak bersalah, menyebabkan susahnya kehidupan
orang lain. Lelaki susah menemukan jodohnya. Tindakan itu
bertentangan dengan titah dari Latawalhujwa. Semua itu berasal dari
kutukan Anda, begitu besarnya kesusahan orang yang kebanjiran. sungai
Kediri berubah alirannya dan menerjang desa, hutan, sawah, berapa
banyak yang rusak. Sedangkan di sini, Anda kutuk selamanya susah air,
sungainya surut. Anda itu hanya menyiksa orang lain yang tidak
bersalah.")
Sunan Benang ngandika: "Mula ing kene tak-êlih jênêng Kutha Gêdhah,
amarga wonge kene agamane ora irêng ora putih, têtêpe agama biru,
sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu, aku njaluk banyu
ora oleh, mula kaline banjur tak-êlih iline, kene kabeh tak sotake
larang banyu, dene ênggonku ngêsotake prawan tuwa jaka tuwa, amarga
kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan baleg."
(Sunan Bonang berkata, "Tempat ini aku ganti namanya menjadi Kutha
Gedhah, karena orang di sini agamanya tidak hitam tidak putih,
tepatnya agama biru, yakni agama Kalang. Aku kutuk susah air, karena
saya minta air minum tidak boleh. Oleh karenanya, air sungainya saya
rubah alirannya. Semua yang berada di sini saya kutuk susah air. Saya
mengutuk agar orang di sini menjadi perawan dan perjaka tua, karena
tidak bersedia memberikan saya air minum, yaitu gadis perawan kurang
ajar itu.")
Buta Locaya matur maneh: "Punika namanipun botên timbang kaliyan sot
panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur namung tiyang satunggal
ingkang lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang kathah sangêt, botên
timbang kaliyan kukumipun, paduka punika namanipun damêl mlaratipun
tiyang kathah, saupami konjuk Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih
dipunukum mlarat ingkang langkung awrat, amargi ngrisakakên tanah,
lah sapunika mugi panjênêngan-sotakên wangsulipun malih, ing ngriki
sagêda mirah toya malih, sagêd dados asil panggêsangan laki rabi
taksih alit lajêng mêncarakên titahipun Hyang Manon. Panjênêngan
sanes Narendra têka ngarubiru agami, punika namanipun tiyang dahwen".
(Buta Locaya berkata lagi, "Itu namanya orang yang tanpa
pertimbangan. Kesalahan tidak seberapa, dan selain itu hanya satu
orang yang bersalah, tetapi Anda telah membuat susah orang banyak
sekali. Tidak sesuai dengan hukumannya. Anda itu namanya membuat
susah orang banyak. Seandainya diketahui yang memiliki negara, maka
Anda akan dihukum melarat sekali, karenanya merusak tanah. Sudah
begini saja, Anda tarik kembali kutukan Anda. Di sini menjadi
melimpah air kembali, sehingga bisa untuk bercocok tanah. Pria dan
wanita dapat kembali menikah pada usia mudah, sesuai dengan titah
dari Hyang Manon. Anda itu bukan Narendra (gelar Wisnu, mungkin yang
dimaksud Tuhan - penterjemah), tetapi kok datang-datang mengharubiru
agama. Itu namanya orang berengsek.")
Sunan Benang ngandika: "Sanadyan kok-aturake Ratu Majalêngka aku ora
wêdi".
(Sunan Bonang berkata, "Meskipun kamu laporkan Raja Majalengka saya
tidak takut.")
Buta Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu Majalêngka
banjur mêtu nêpsune, calathune sêngol: "Rêmbag paduka niki dede
rêmbage wong ahli praja, patute rêmbage tiyang entên ing bambon,
ngêndêlake dumeh tiyang digdaya, mbok sampun sumakehan dumeh
dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak malaekat, lajêng tumindak
sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya dahwen sikara botên ngangge
prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak inggih wontên ingkang
nglangkungi kaprawiran paduka, nanging sami ahli budi sarta ajrih
sêsikuning Dewa, têbih saking ahli budi yen ngantos siya dhatêng
sêsami nyikara tanpa prakara, punapa paduka punika tiyang tunggilipun
Aji Saka, muride Ijajil.
(Buta Locaya setelah mendengar bahwa Sunan Bonang tidak takut pada
Raja Majalengka menjadi makin marah, kata-katanya menjadi
keras, "Anda itu jelas sekali tidak mencerminkan seseorang yang
bijaksana dan berbudi luhur, melainkan lebih tepat lagi disebut
dengan gelandangan (bahasa asli apabila diterjemahkan secara harafiah
adalah orang yang tinggal dalam rumah bambu- penterjemah). Beraninya
hanya mengandalkan kesaktiannya. Bersikaplah rendah hati sehingga
dikasihi oleh Hyang Widdhi, dikasihi oleh sahabat, dan bukannya
bertindak semau-maunya sendiri dengan tidak melihat kesalahannya. Itu
namanya orang jahat yang tidak menimbang dulu permasalahannya. Di
tanah Jawa ini, khan banyak orang yang kesaktiannya melebihi Anda,
namun semuanya itu berbudi luhur dan tidak berusaha mengungguli para
dewa. Mereka sama sekali tidak menyiksa orang lain tanpa melihat
kesalahannya terlebih dahulu. Mengapa Anda meniru Aji Saka, muridnya
Ijajil?)
Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun lajêng minggat
saking tanah Jawi, sumbêr toya ing Mêdhang saurutipun dipunbêkta
minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu, paduka tiyang
saking 'Arab, mila sami siya-siya dhatêng sêsami, sami damêl awising
toya, paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên budi luhur, damêl wilujêng
dhatêng tiyang kathah, nanging kok jêbul botên makatên, wujud paduka
niki jajil bêlis katingal, botên tahan digodha lare, lajêng mubal
nêpsune gêlis duka, niku Sunan napa?
(Aji Saka menjadi raja tanah Jawa, tetapi tiga tahun kemudian pergi
meninggalkannya, sumber air yang ada di Medhang juga dibawanya pergi.
Aji Saka orang dari India, sedangkan Anda adalah orang Arab, karena
itu sama-sama tidak menghargai sesama manusia. Sama-sama membuat
sulit air. Anda itu mengaku-ngaku sebagai Sunan, khan seharusnya
berbudi luhur, menciptakan kebajikan bagi orang banyak, tetapi kok
malah tingkah lakunya seperti itu. Anda itu seperti iblis tingkah
lakunya. Tidak tahan digoda oleh anak kecil, lalu bangkit nafsu
angkara murkanya. Sunan macam apa itu?)
Yen pancen Sunaning jalma yêktos, mêsthi simpên budi luhur. Paduka
niksa wong tanpa dosa, nggih niki margi paduka cilaka, tandhane
paduka sapunika sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados, lajêng
paduka-ênggeni piyambak, siram salêbêting kawah wedang ingkang umob
mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning lêlêmbut, sanes alam kaliyan
manusa, ewadene kula taksih engêt dhatêng wilujêngipun manusa. Inggih
sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi mangsulakên
malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami katrajang toya
kula-aturi mangsulakên kados sawaunipun, manawi panjênêngan botên
karsa mangsulakên, sadaya manusa Jawi ingkang Islam badhe sami kula-
têluh kajêngipun pêjah sadaya, kula tamtu nyuwun bantu wadya bala
dhatêng Kanjêng Ratu Ayu Anginangin ingkang wontên samodra kidul".
(Kalau memang Anda sudah Sunan secara lahir bathin, maka seharusnya
berbudi luhur. Anda menyiksa orang tanpa dosa, yaitu karena Anda
dihina. Sehingga dengan demikian setelah ini Anda pantas masuk neraka
jahanam. Kalau sudah mati, Anda akan tinggal di sana. Dimasukkan
kawah air panas yang asapnya melimpah-limpah. Saya ini termasuk
golongan makhluk halus, dan berbeda dengan kalian yang manusia.
Karenanya saya ini masih ingat dengan kesejahteraan umat manusia. Ya
sudah, apa yang sudah rusak saya minta untuk diperbaikik kembali.
Sungai yang surut dan tempat yang rusak diterjang banjir, saya minta
dikembalikan seperti asal mulanya. Jika Anda tidak bersedia
mengembalikannya, semua orang Jawa yang sudah masuk Islam akan saya
santet agar mati semua. Saya tentu juga akan minta bala bantuan dari
Ratu Ayu Anginangin di laut selatan.")
Sunan Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos lupute, dene
gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa, mula banjur
ngandika: "Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora kêna mbaleni
caturku kang wus kawêtu, besuk yen wus limang atus taun, kali iki
bisa bali kaya mau-maune".
(Sunan Bonang setelah mendengar nasehat Buta Locaya jadi menyadari
kesalahannya karena telah menyebabkan kesengsaraan banyak orang, maka
berkatalah ia, "Buta Locaya, saya ini Sunan, tidak dapat menarik
kembali ucapanku yang sudah keluar, besok jika telah genap lima ratus
tahun, maka sungai ini kembali seperti semula.")
Buta Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang, banjur nêpsu
maneh, nuli matur marang Sunan Benang: "Kêdah paduka-wangsulna
sapunika, yen botên sagêd, paduka kula-banda".
(Buta Locaya setelah mendengar penolakan Sunan Bonang menjadi marah
kembali, ia mengancam Sunan Bonang, "Harus dikembalikan sekarang
juga, jika tidak bisa, maka Anda saya tahan di sini.")
Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: "Wis kowe ora kêna
mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-jênêngake
cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhêmit lan wong
pêcicilan rêbut bênêr ngadu kawruh prakara rusaking tanah, sarta
susahe jalma lan dhêmit, dak-suwun marang Rabbana, woh sambi dadi
warna loro kanggone, daginge dadiya asêm, wijine mêtuwa lêngane, asêm
dadi pasêmoning ulat kêcut, dene dhêmit padu lan manusa, lênga têgêse
dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing besuk dadiya pasêksen, yen aku padu
karo kowe, lan wiwit saiki panggonan têtêmon iki, kang lor jênênge
desa Singkal, ing kene desa ing Sumbre, dene panggonane balamu kang
ana ing kidul iku jênênge desa Kawanguran".
(Sunan Bonang berkata pada Buta Locaya, "Sudah, kamu tidak perlu
mengajari aku, aku pamit mau ke Magetan, buah sambi ini aku sebut
cacil, karena kok seperti anak kecil berkelahi. Makhluk halus dan
manusia berkelahi mengadu pengetahuan masalah rusaknya tanah, serta
kesengsaraan manusia dan makhluk halus. Saya akan minta pada Tuhan,
buah sambi akan menjadi dua warna, dagingnya menjadi masam, bijinya
agar keluar minyaknya. Asam itu menjadi lambang ulat masam, karena
makhluk halus bertengkar dengan manusia. Minyak artinya makhluk halus
menghalangi perginya manusia. Pada masa mendatang jadilah saksi kalau
saya bertengkar dengan kamu. Dan mulai saat ini, tempat ini yang
utara namanya desa Singkah, sedangkan yang di sini namanya Sumbre.
Sedangkan tempat berkumpulnya pasukanmu di bagian selatan namanya
dewa Kawanguran.")
Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang wetan
kali, katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah ana desa
aran Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran têgêse kawruhan,
Singkal têgêse sêngkêl banjur nêmu akal.
(Setelah berkata demikian, Sunan Bonang lalu melompat ke timur
sungai. Hingga saat ini di Kutha Gedhah ada desa bernama Kawanguran,
Sumbre, dan Singkal. Kawanguran artinya pengetathuan. Singkah artinya
menemukan akal budi.)
Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang tindake têkan
ing desa Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca jaran, rêca
mau awak siji êndhase loro, dene prênahe ana sangisoring wit
trênggulun, wohe trênggulun mau akeh bangêt kang padha tiba nganti
amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rêca jaran êndhase digêmpal.
(Buta Locaya mengikuti perginya Sunan Bonang. Sunan Bonang tiba di
desa Bogem, di sana ia melihat ada patung kuda yang berbadan satu
tetapi berkepala dua. Letaknya ada di bawah pohon trenggulun. Buah
trenggulun itu banyak sekali hingga menggunung tinggi. Sunan Bonang
lalu menghancurkan kepala patung kuda itu.)
Buta Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal êndhasing
rêca jaran, saya wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse: "Punika
yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing tekadipun wanita
Jawi, benjing jaman Nusa Srênggi, sintên ingkang sumêrêp rêca punika,
lajêng sami mangrêtos tekadipun para wanita Jawi"
(Setelah melihat Sunan Bonang menghancurkan kepala patung kuda, maka
bangkit kembali kemarahan Buta Locaya. Ia berkata, "Itu adalah
peninggalan sang Prabu Jayabaya, sebagai lambang tekadnya wanita
Jawa. Besok di jaman Nusa Srenggi, siapa saja yang melihat patung itu
akan sama-sama memahami tekad para wanita Jawa.")
Sunan Benang ngandika: "Kowe iku bangsa dhêmit kok wani padu karo
manusa, jênênge dhêmit kêmênthus".
(Sunan Bonang menjawab, "Kamu itu bangsa makhluk halus, kok berani
bertengkar dengan manusia. Itu namanya makhluk halus sombong.")
Buta Locaya mangsuli: "Inggih kaot punapa, ngriku Sunan, kula Ratu".
(Buta Locaya berkata, "Lalu kenapa memangnya? Anda Sunan, saya raja.")
Sunan Benang ngandika: "Woh trênggulun iki tak-jênêngake kênthos,
dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo dhêmit
kumênthus, prakara rusaking rêca".
(Sunan Bonang berkata, "Buah trenggulun ini aku namakan kenthos,
sehingga menjadi peringatan di masa mendatang kalau aku bertengkar
dengan makhluk halus sombong masalah rusaknya patung.")
Ki Kalamwadi ngandika: "Katêlah nganti saprene, woh trênggulun
jênênge kênthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture Raden
Budi Sukardi, guruku".
(Ki Kalamwadi menjelaskan, "Hingga sekarang, buah trenggulun namanya
kenthos, karena berasal dari sabda Sunan Bonang. Itu adalah
pemberitahuan dari guruku Raden Budi Sukardi.")
Sunan Benang banjur tindak mangalor, barêng wis wanci asar, kêrsane
arêp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana timbane,
sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise, nuli sagêd
mundhut banyu kagêm wudhu banjur salat.
(Sunan Bonang lalu pergi ke arah utara. Pada saat itu telah waktunya
salat asar dan ia hendak menunaikan ibadah salat. Di luar desa itu
ada sumur, tetapi tidak ada ember untuk menimba air, karena itu Sunan
Bonang menggulingkan sumur itu sehingga ia bisa menggambil air dari
dalamnya.)
Ki Kalamwadi ngandika: "Katêlah nganti saprene sumur mau karane sumur
Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku pituture Raden Budi
guruku, êmbuh bênêr lupute".
(Ki Kalamwadi menjelaskan, "Hingga saat ini sumur itu disebut sumur
Gumuling. Sunan Bonang yang menggulingkannya. Itu katanya Raden Budi
guruku, entah benar entah tidak.")
Sunan Benang sawise salat banjur nêrusake tindake, satêkane desa
Nyahen (10) ing kona ana rêca buta wadon, prênahe ana sangisoring wit
dhadhap, wêktu iku dhadhape pinuju akeh bangêt kêmbange, sarta akeh
kang tiba kanan keringe rêca buta mau, nganti katon abang mbêranang,
saka akehe kêmbange kang tiba, Sunan Benang priksa rêca mau gumun
bangêt, dene ana madhêp mangulon, dhuwure ana 16 kaki, ubênge
bangkekane 10 kaki, saupama diêlih saka panggonane, yen dijunjung
wong wolung atus ora kangkat, kajaba yen nganggo piranti, baune
têngên rêca mau disêmpal dening Sunan Benang, bathuke dikrowak.
(Setelah salat maka Sunan Bonang meneruskan perjalanannya, dan tiba
di desa Nyahen. Di sana ada patung raksasa wanita yang terletak di
bawah pohon dadap. Pada saat itu kebetulan pohon dadapnya sedang
banya bunganya dan banyak yang berjatuhan di kanan dan kirinya patung
raksasa itu sehingga nampak merah merona. Sunan Bonang melihat arca
yang tingginya 16 kaki dan lingkarnya 10 kaki. Apabila diangkat orang
800 juga masih belum terangkat. Bahu kanan patung tersebut
dihancurkan oleh Sunan Bonang dan selain itu dahinya juga dirusak.)
Buta Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca, dheweke nêpsu maneh,
calathune: "Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca buta bêcik-bêcik
dirusak tanpa prakara, sa-niki awon warnine, ing mangka punika
yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun punapa panjênêngan
ngrisak rêca?"
(Buta Locaya mengetahui tindakan Sunan Bonang merusak patung itu,
timbul amarahnya kembali, "Anda itu benar-benar orang brengsek.
Patung bagus-bagus kok dirusak tanpa sebab. Patung itu adalah
peninggalan Sang Prabu Jayabaya, lalu mengapa Anda rusak?")
Pangandikane Sunan Benang: "Mulane rêca iki tak-rusak, supaya aja
dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi, yen
wong muji brahala iku jênênge kapir kupur lair batine kêsasar."
(Jawaban Sunan Bonang, "Arca ini saya rusak supaya jangan disembah-
sembah oleh orang banyak, supaya jangan dimantrai. Yang menyembah
patung itu namanya kafir. Lahir dan bathinnya tersesat.")
__________________
Buta Locaya calathu maneh: "Wong Jawa rak sampun ngrêtos, yen punika
rêca sela, botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang Labawalhujwa,
mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni, supados para
lêlêmbut sampun sami manggen wontên ing siti utawi kajêng, amargi
siti utawi kajêng punika wontên asilipun, dados têdhanipun manusa,
mila para lêlêmbut sami dipunsukani panggenan wontên ing rêca,
panjênêngan-tundhung dhatêng pundi?
(Buta Locaya mengomel lagi, "Orang Jawa itu khan sudah tahu, bahwa
itu hanya sebuah arca batu, tidak punya daya apa-apa, tidak punya
kekuasaan apa, bukan Hyang Labawalhujwa, karena itu dimantrai dan
diberi sesajian, supaya para makhluk halus yang dulunya tinggal di
tanah atau kayu - karena tanah dan kayu itu dimanfaatkan bagi
manusia - maka para makhluk halus itu diberi tempat tinggal di dalam
arca. Anda itu tahu nggak sih?)
Sampun jamakipun brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing rêca, sarta
nêdha ganda wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi badanipun kraos
sumyah, langkung sênêng malih manawi manggen wontên ing rêca wêtah
ing panggenan ingkang sêpi edhum utawi wontên ngandhap kajêng ingkang
agêng, sampun sami ngraos yen alamipun dhêmit punika sanes kalayan
alamipun manusa, manggen wontên ing rêca têka panjênêngan-sikara,
dados panjênêngan punika têtêp tiyang jail gêndhak sikara siya-siya
dhatêng sasamining tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa Jawa
ngurmati wujud rêca ingkang pantês simpên budi nyawa, wangsul tiyang
bangsa 'Arab sami sojah Ka'batu'llah, wujude nggih tugu sela, punika
inggih langkung sasar".
(Sudah wajar kalau para makhluk halus tinggal di gua dan patung.
Selain itu mereka makan bau harum. Makhluk halus itu apabila makan
bau harum, badannya terasa segar. Mereka betah tinggal di patung-
patung batu yang berada di tempat sepi atau yang berada di depan
pohon besar. Apakah Anda sudah pernah merasakan hidup di alam makhluk
halus yang berbeda dengan alam manusia? Mereka yang hidup di dalam
patung baru, Anda siksa, jadi karena itu Anda patut disebut orang
jahil. Orang yang gemar berbuat seenaknya sendirinya terhadap sesama
makhluk Tuhan. Lebih baik orang Jawa yang menghormati patung demi
menguntungkan para makhluk halus, dibandingkan dengan orang Arab yang
menyembah Ka'bah. Wujudnya juga tugu batu, sehingga seharusnya mereka
juga sesat.")
Pangandikane Sunan Benang: Ka'batu'llah iku kang jasa Kangjêng Nabi
Ibrahim, ing kono pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi wong
akeh, sing sapa sujud marang Ka'batu'llah, Gusti Allah paring
pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing 'alam pangumbaran".
(Sunan Bonang menjawab, "Ka'bah itu ada karena jasanya Nabi Ibrahim,
di situ terletak pusatnya bumi. Dibangun tugu dan disembah orang
banyak. Siapa saja yang bersujud pada Ka'bah, Allah akan mengampuni
dosanya selama hidup di dunia.")
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: "Tandhane napa yen angsal sihe
Pangeran, angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa sampun
angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi cap abrit?
(Buta Locaya menjawab dengan marah, "Buktinya apa kalau mereka
beroleh pengampunan dosa dari Tuhan, memperoleh pengampunan dari
semua kesalahan. Apakah sudah memperoleh tanda tangan dan cap dari
Tuhan?")
Sunan Benang ngandika maneh: "Kang kasêbut ing kitabku, besuk yen
mati oleh kamulyan".
(Sunan Bonang berkata lagi, "Itu semua disebut dalam kitabku. Besok
kalau meninggal akan beroleh kemuliaan.")
Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: "Pêjah malih yen sumêrêpa, kamulyan
sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar nyêmbah tugu
sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi dhatêng rêdi Kêlut
kathah sela agêng-agêng yasanipun Pangeran, sami maujud piyambak
saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi. Saking dhawuhipun Ingkang
Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah sumêrêp ing Batu'llahipun, badanipun
manusa punika Baitu'llah ingkang sayêktos, sayêktos yen yasanipun
Ingkang Maha Kuwaos, punika kêdah dipunrêksa, sintên sumêrêp asalipun
badanipun, sumêrêp budi hawanipun, inggih punika ingkang kenging
kangge tuladha.
(Buta Locaya menjawab dengan tidak senang hati, "Ketahuilah,
kemuliaan yang ada di dunia ini sudah ternoda, orang tersesat
menyembah tugu batu, ketika mereka sudah melakukan kejahatan. Di
Gunung Kelut banyak batu besar-besar hasil ciptaan Tuhan, kesemuanya
itu terwujud berdasarkan Sabda Allah, itulah yang sesungguhnya lebih
pantas disembah. Berdasarkan izin Yang Maha Kuasa, seluruh umat
manusia harus mengetahui mengenai Ka'bah sejati, tubuh manusia itulah
Ka'bah sejati. Sejati karena ciptaannya Yang Maha Kuasa. Inilah yang
harus diperhatikan. Siapa yang sadar akan asal usulnya, mengetahui
akal budinya, yaitu yang sanggup dijadikan suri tauladan.)
Sanadyan rintên dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga
pêtêng, kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu damêlan
Nabi, Nabi punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti Allah, ta,
pinaringan wahyu nyata pintêr sugih engêtan, sidik paningalipun
têrus, sumêrêp cipta sasmita ingkang dereng kalampahan. Dene ingkang
yasa rêca punika Prabu Jayabaya, inggih kêkasihipun Ingkang Kuwaos,
pinaringan wahyu mulya, inggih pintêr sugih engêtan sidik
paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun kalampahan, paduka pathokan
tulis, tiyang Jawi pathokan sastra, bêtuwah saking lêluhuripun. sami-
sami nyungkêmi kabar, aluwung nyungkêmi kabar sastra saking
lêluhuripun piyambak, ingkang patilasanipun taksih kenging
dipuntingali. Tiyang nyungkêmi kabar 'Arab, dereng ngrêtos
kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa yêktos, anggêga ujaripun
tiyang nglêmpara.
(Meskipun siang dan malam menjalankan salat, tetapi apabila
pikirannya gelap, pengetahuannya amburadul, menyembah tugu batu yang
dibuat nabi. Nabi itu khan juga manusia kekasih Allah, diberi wahyu
sehingga menjadi pandai dan sanggup mengetahui apa yang akan terjadi.
Sedangkan yang membangun arca batu itu adalah Prabu Jayabaya, yang
juga merupakan kekasih Allah. Ia juga menerima wahyu mulia, juga
banyak pengetahuannya dan sanggup mengetahui apa yang akan terjadi.
Anda berpedoman pada kitab, sedangkan orang Jawa berpedoman pada
sastra kuno, petuah dari leluhur sendiri. Lebih baik mempercayai
sastra kuno dari leluhur sendiri yang peningggalannya masih dapat
disaksikan. Orang mempercayai kitab Arab, padahal belum tahu keadaan
di sana, entah benar entah salahnya, hanya percaya perkataannya para
penipu.)
__________________
Mila panjênêngan anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari Mêkah,
kula sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis toya, tanêm-tanêm
tuwuh botên sagêd mêdal, bênteripun banter awis jawah, manawi tiyang
ingkang ahli nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka, malah kathah
tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang tumbasan. Panjênêngan
tiyang duraka, kula-aturi kesah saking ngriki, nagari Jawi ngriki
nagari suci lan mulya, asrêp lan bênteripun cêkapan, tanah pasir
mirah toya, punapa ingkang dipuntanêm sagêd tuwuh, tiyangipun jalêr
bagus, wanitanipun ayu, madya luwês wicaranipun. Rêmbag panjênêngan
badhe priksa pusêring jagad, inggih ing ngriki ingkang kula-linggihi
punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi kula lêpat panjênêngan
jotos.
(Anda menjual kemuliaannya negeri Mekah. Padahal saya tahu seperti
apa sebenarnya Mekah. Tanahnya panas, susah air, tanaman tidak bisa
tubuh, serta jarang hujan. Orang yang sanggup bernalar akan menyebut
Mekah itu negeri celaka. Malah banyak orang yang diperjual-belikan
sebagai budak. Anda itu orang durhaka. Saya minta untuk pergi dari
sini, negeri Jawa yang suci dan mulia, cukup hujan dan air, apa yang
ditanam dapat tumbuh, yang pria tampan, yang wanita cantik. Bicaranya
juga luwes. Kalau Anda bicara masalah pusatnya jagad, maka tempat
yang saya duduki inilah yang merupakan pusat jagad. Silakan Anda
ukur, bila salah pukullah saya.)
Rêmbag panjênêngan punika mblasar, tandha kirang nalar, kirang nêdha
kawruh budi, rêmên niksa ing sanes. Ingkang yasa rêca punika Maha
Prabu Jayabaya, digdayanipun ngungkuli panjênêngan, panjênêngan
punapa sagêd ngêpal lampahing jaman? Sampun ta, kula-aturi kesah
kemawon saking ngriki, manawi botên purun kesah sapunika, badhe kula-
undhangakên adhi-kula ingkang wontên ing rêdi Kêlut, panjênêngan kula-
kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula-bêkta mlêbêt dhatêng
kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe susah, punapa
panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula? Mangga dhatêng
Selabale, dados murid kula!".
(Anda itu seperti orang tidak waras, pertanda kurang nalar, kurang
memakan pengetahuan akal budi, senang menyiksa orang lain. Yang
membuat arca itu Maha Prabu Jayabaya, yang kesaktiannya melebihi
Anda. Anda apa sanggup mengetahui apa yang akan terjadi? Sudahlah,
saya minta Anda pergi saja dar sini. Jika tidak mau pergi dari sini,
maka akan saya panggilkan adik saya dari Gunung Kelut. Anda saya
keroyok apa bisa menang? Lalu akan saya bawa ke dalam kawah Gunung
Kelut. Apakah Anda tidak sengsara? Apakah Anda ingin berdiam dalam
batu seperti saya? Kalau mau silakan datang ke Selabale, jadi murid
saya!")
Sunan Benang ngandika: "Ora arêp manut rêmbugmu, kowe setan
brêkasakan".
(Sunan Bonang berkata, "Saya tidak mau mengikuti perkataanmu, wahai
setan iblis.")
Buta Locaya mangsuli: "Sanadyan kula dhêmit, nanging dhêmit raja,
mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tamptu mulya kados kula,
tekad panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila panjênêngan
dhatêng tanah Jawi, wontên ing 'Arab nakal kalêbêt tiyang awon, yen
panjênêngan mulya tamtu botên kesah saking 'Arab, mila minggat,
saking lêpat, tandhanipun wontên ing ngriki taksih krejaban, maoni
adating uwong, maoni agama, damêl risak barang sae, ngarubiru agamane
lêluhur kina, Ratu wajib niksa, mbucal dhatêng Mênadhu".
(Buta Locaya menjawab, "Meskipun saya makhluk halus, tetapi raja
makhluk halus. Mulia dan abadi selamatnya. Anda belum tentu mulia
seperti saya. Niat Anda buruk, gemar menyiksa orang lain. Oleh karena
itu Anda datang ke tanah Jawa. Di Arab Anda tergolong orang hina.
Jika Anda orang mulia maka tidak akan pergi meninggalkan Arab, karena
salah maka melarikan diri dari sana. Buktinya di sni membuat onar,
menghina adat istiadat orang lain, menghina agama, merusak barang
yang bagus, mengharubiru agama leluhur kuno. Raja wajib menyiksa dan
membuang Anda.")
Sunan Benang ngandika: "Dhadhap iki kêmbange tak jênêngake celung,
uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung rêmbag, dadiya
pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah kawruh kalah nalar".
(Sunan Bonang berkata, "Pohon dadap ini bunganya aku beri nama
celung, buahnya kledhung, karena aku kalah nalar dan kalah
pembicaraan. Jadilah saksi bila aku bertengkar dengan raja makhluk
halus dan kalah pengetahuan serta nalar.")
Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge kledhung,
kêmbange aran celung.
(Oleh karena itu hingga sekarang, buah dadap, namanya kledhung,
bunganya dinamakan celung.)
Sunan Benang banjur pamitan: "Wis aku arêp mulih mênyang Benang".
(Sunan Bonang lalu berpamitan, "Sudah saya akan pulang ke Bonang.")
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: "Inggih sampun, panjênêngan enggala
kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi kadangon wontên
ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis wos, nambahi bênter,
nyudakakên toya".
Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga
banjur mulih.
(Buta Locaya menjawab dengan marah, "Ya sudah, pergilah cepat-cepat.
Di sini membuat susah saja. Makin lama makin membuat susah saja.
Membuat susah air, menyebabkan kekeringan." Sunan Bonang meninggalkan
tempat itu dan Buta Locaya beserta pasukannya juga pulang
meninggalkan tempat itu.)
__________________
Showing posts with label Serat Jawa. Show all posts

Sunday, May 15, 2011
Thursday, September 9, 2010
SERAT GATOLOCO
Serat Gatoloco
FALSAFAH GATOLOCO
Ngemot Falsafah Kawruh Kawaskitan
Miturut babon aslinipun
Kagubah dening : Prawirataruna
Ing awale abad 20 Masehi
Katiti-pariksa
Sarta kasalinan aksara Latin
Dening : R. Tanoyo
Penerbit S. Mulyo, Solo
————————————————————————————————–
Purwaka
PUPUH I
Mijil
Prana putek kapetek ngranuhi, wiyoganing batos, raosing tyas karaos kekese, taman bangkit upami nyelaki, rudah gung prihatin, nalangsa kalangkung.
Yroning kingkin sinalamur nulis, serat Gatoloco, cipteng nala ngupaya leyare, tar len muhung mrih ayeming galih, ywa kalatur sedih, minangka panglipur.
Kyai Guru Tetelu Ing Pondok Rejasari
Kang kinarya bebukaning rawi, Reyasari pondok, wonten Kyai yumeneng Gurune, tiga pisan wasis muruk ilmi, katah para santri, kapencut maguru.
Bakda subuh wau tiga Kyai, ruyuk casnya condong, Guru tiga ngrasuk busanane, arsa linggar sadaya miranti, duk wanci byar enying, sareng angkatipun.
Murid nenem umiring tut wuri, samya anggegendong, kang ginendong kitab sadayane, gunggung kitab kawan likur iyi, ciptaning panggalih, tuwi mitranipun.
Ingkang ugi dadya guru santri, ing Cepekan pondok, Kyai Hasan Besari namane, wus misuwur yen limpad pribadi, putus sagung ilmi, pra guru maguru.
Datan wonten ingkang animbangi, pinunyul kinaot, langkung ageng pondokan santrine, krana saking katahipun murid, uyaring pawarti, pinten-pinten atus.
Amangsuli kang lagya lumaris, sadaya mangulon, sepi mendung sumilak langite, saya siyang lampahnya wus tebih, sunaring hyang rawi, saget benteripun.
Marma reren sapinggiring margi, ngandap wringin ayom, ayem samya anyereng kacune, tinamakken ayoming waringin, pan kinarya linggih, yengkeng semu timpuh.
Ecisira cinublesken siti, murid sami lunggoh, munggeng angarsa ayeyer lungguhe, kasiliring samirana ngidid, pating clumik muyi, tesbehnya den etung.
Murid nenem ambelani muyi, dikir lenggak-lenggok, manggut-manggut sirah gedeg-gedeg, dereng dangu nulya aningal, mring sayuga nyanmi, lir dandang lumaku.
Gatoloco Lan Candrane
PUPUH II
Dandanggula
Endek cilik remane barintik, tur aburik wau rainira, ciri kera ing mripate, alis barungut tepung, irung sunti cangkeme nguplik, waja gingsul tur petak, lambe kandel biru, janggut goleng semu nyentang, pipi klungsur kupingira anjepiping, gulu panggel tur cendak.
Pundak broyol semune angempis, punang asta cendak tur kuwaga, ting carentik dariyine, alekik dadanipun, weteng bekel bokongnya cantik, semu ekor dengkulnya, lampahipun impur, kulit ambesisik mangkak, ambengkerok napasira kempas-kempis, sayak lesu kewala.
Bedudane pring tutul kinisik, apan blorok kuninge semu bang, asungsun tiga pontange, bongkot tengah lan pucuk, timah budeng ingkang kinardi, cupak ireng tur tuwa, gripis nyenyepipun, meleng-meleng semu nglenga, labet saking kenging kukus saben ari, pangoturik den asta.
Kandutane klelet gangsal glinding, alon lenggah caket Guru tiga, sarwi angempos napase, kapyarsa senguk-senguk, gandanira prengus asangit, tumanduk mring panggenan, santri ingkang lungguh, Gatoloco ngambil sigra, kandutane tegesan kang aneng kendit, gya nitik karya brama.
Nulya udut kebulya ngebuli, para santri kawratan sedaya, asengak sanget sangite, murid nenem tumungkul, mergo sarwi atutup rai, saweneh mites grana, kang saweneh watuk, mingser saking palenggahan, samya pindah neng wurine guruneki, nyingkiri punang ganda.
Guru tiga waspada ningali, mring wujuja ingkang lagya prapta, kawuryan mesum ulate, sareng denira nebut, astagafiru’llah hal ‘adlim, dubi’llah minas setan, ilaha la’llahu lah iku manusa apa, salawase urip aneng dunya iki, ingsun durung tumingal.
Janma ingkang rupane kajeki, sarwi noleh ngandika mring sabat, pada tingalana kuwe, manusa kurang wuruk, datan weruh sakehing nabi, neng dunya wus cilaka, iku durung besuk, siniksa aneng achirat, rikel sewu siksane neng dunya kuwi, mulane wekasingwang.
Ingkang petel sinauwa ngaji, amrih weruh syara’ Rasulu’llah, slamet dunya achirate, sapa kang neja manut, ing sari’at Andika’ Nabi, mesti oleh kamulyan, sapa kang tan manut, bakale nemu cilaka, Ahmad ‘Arif mangkana denira eling, janma iku sunkira.
Dudu anak manusa sayekti, anak belis setan brekasakan, turune memedi wewe, Gatoloco duk ngrungu, den wastani yen anak belis, langkung sakit manahnya, nanging tan kawetu ngungkapi gembolanira, kleletipun sajebug sigra ingambil, den untal babar pisan.
Pan sakala endeme mratani, mrasuk badan kulit dagingira, ludira otot bayune, balung kalawan sungsum, kekiyatan sadaya pulih, kawistara njrebabak, cahyanipun santun, Guru tiga wrin waspada, samya eram tyasnya ngungun tan andugi, pratingkah kang mangkana.
Abdu’l Jabar ngucap mring Mad ‘Arif, lah ta mara age takonana, apa kang den untal kuwe, lan sapa aranipun, sarta maneh wismane ngendi, apa panggotanira, ing sadinanipun lan apa tan adus toya, salawase dene awake mbasisik, janma iku sun kira.
Ora ngreti nyara’ lawan sirik, najis mekruh batal lawan haram, mung nganggo senenge dewe, sanajan iwak asu, daging celeng utawa babi, angger doyan pinangan, ora nduwe gigu, tan pisan wedi duraka, Ahmad Arif mrepeki gya muwus aris, wong ala ingsun tannya.
Bebantahan Ilmu
Lah ta sapa aranira yekti, sarta maneh ngendi wismanira, kang tinannya lon saure, Gatoloco aranku, ingsun janma lanang sajati, omahku tengah jagad, Guru tiga ngrungu, sareng denya latah-latah, bedes buset aran nora lumrah janmi, jenengmu iku haram.
Gatoloco ngucap tannya aris, dene sira pada latah-latah, anggeguyu apa kuwe, Kyai Guru sumaur, krana saking tyasingsun geli, gumun mring jenengira, Gatoloco muwus, ing mangka jeneng utama, gato iku tegese sirah kang wadi, loco pranti gosokan.
Marma kabeh pada sun-lilani, sakarsane ngundang marang ingwang, yekti sun-sauri bae, tetelu araningsun, kang sawiji Barang kinisik, siji Barang panglusan, nanging kang misuwur, manca pat manca lelima, iya iku Gatoloco aran-mami, prasaja tandha priya.
Kyai Guru mangsuli tan becik, jenengira iku luwih ala, jalaran banget sarune, haram, najis lan mekruh, iku jeneng anyilakani, jeneng dadi duraka, jeneng ora patut, wus kasebut jroning kitab, nyirik haram yen mati munggah suwargi, kang haram manjing nraka.
Gatoloco menjep ngiwi-iwi, gya gumujeng nyawang Guru tiga, sarwi mangkana ujare, syara’ira kang kliru, sapa bisa angelus wadi, yekti janma utama, iku apesipun priyayi kang lungguh demang, myang panewu wadana kliwon bupati, liyane ora bisa.
Rehning ingsun tan dadi priyayi, mung jenengku jeneng wadi mulya, supaya turunku tembe, dadi priyayi agung, ‘Abdu’ljabar angucap bengis, dapurmu kaya luwak, nganggo sira ngaku, lamun sajatine lanang, Gatoloco gumujeng alon nauri, ucapku nora salah.
Ingsun ngaku wong lanang sajati, basa lanang sajati temenan, wadiku apa dapure, sajati tegesipun, ingsun urip tan neja mati, Guru tiga angucap, dapurmu lir antu, sajege tan kambon toya, Gatoloco macucu nulya mangsuli, ewuh kinarya siram.
Upamane ingsun adus warih, badaningsun wus kaisen toya, kalamun adus genine, jro badan isi latu, yen resika sun-gosok siti, asline saking lemah, sun-dusana lesus, badanku sumber maruta, tuduhena kinarya adus punapi, ujarnya Guru tiga.
Asal banyu yekti adus warih, dimen suci iku badanira, Gatoloco sru saure, sira santri tan urus, yen suciya sarana warih, sun kungkum sangang wulan, ora kulak kawruh, satemene bae iya, ingsun adus tirta tekad suci ening, ing tyas datan kaworan.
Bangsa salah kang kalebu ciri, iya iku adusing manusa, ingkang sabener-benere, Kyai Guru sumaur, wong dapure lir kirik gering, sapa ingkang pracaya, nduwe pikir jujur, sira iku ingsun-duga, ora nduwe batal haram mekruh najis, weruhmu amung halal.
Najan arak iwak celeng babi, angger doyan mesti sira-pangan, ora wedi durakane, Gatoloco sumaur, iku bener tan nganggo sisip, kaja pambatangira, najan iwak asu, sun-titik asale purwa, lamun becik tan dadi seriking janmi, najan babi celenga.
Ngingu dewe awit saking cilik, sapa ingkang wani nggugat mring wang, halale ngungkuli cempe, sanajan iwak wedus, yen asale srana tan becik, haram, lir iwak sona, najan babi iku, tinilik kawitanira, yen purwane ngingu dewe awit genjik, luwih saking maenda.
Najan wedus nanging nggonmu maling, luwih babi iku haramira, najan mangan iwak celeng, lamun asale jujur, mburu dewe marang wanadri, dudu celeng colongan, halale kalangkung sanajan iwak maesa. Yen colongan luwih haram saking babi, ujarnya Guru tiga.
Luwih halal padune si belis, pantes temen uripmu cilaka, kamlaratan salawase, tan duwe beras pantun, sandangane pating saluwir, kabeh amoh gombalan, sajege tumuwuh, ora tau mangan enak, ora tau ngrasakake legi gurih, kuru tan darbe wisma.
Gatoloco ngujap anauri, ingkang sugih sandang lawan pangan pirang keti momohane, kalawan pirang tumpuk, najis ingkang sira-simpeni, Guru tiga duk myarsa, gumuyu angguguk, sandangan ingkang wus rusak, awor lemah najisku kang tibeng bumi, kabeh wus awor kisma.
Gatoloco anauri malih, yen mangkono isih lumrah janma, ora kinaot arane, beda kalawan ingsun, kabeh iki isining bumi, sakurebing akasa, dadi darbekingsun, kang anyar sarwa gumebyar, sun-kon nganggo marang sanak-sanak-mami, ngong trima nganggo ala.
Apan ingsun trima nganggo iki, pepanganan ingkang enak-enak, kang legi gurih rasane, pedes asin sadarum, sun-kon mangan mring sagung janmi, ingkang sinipat gesang, dene ingsun amung, ngawruhi sadina-dina, sun-tulisi sastrane salikur iji, sun simpen jroning manah.
Ingsun dewe mangan saben ari, ingsung milih ingkang luwih panas, sarta ingkang pait dewe, najise dadi gunung, kabeh gunung ingkang kaeksi, mulane kang bawana, pada metu kukus, tumuse geni sun-pangan, ingkang dadi padas watu lawan curi, klelet ingkang sun-pangan.
Sadurunge ingsun ngising najis, gunung iku yekti durung ana, benjang bakal sirna maneh, lamun ingsun wus mantun, ngising tai metu teka silit, titenana kewala, iki tuturingsun, Guru tiga duk miyarsa, gya micara astane sarwi nudingi, layak kuru tan pakra.
Gatoloco sigra anauri, mila ingsun kurune kalintang, krana nurut mring karsane, Gusti Jeng Nabi rasul, saben ari ingsun turuti, tindak menyang ngepaken, awan sore esuk, mundhut candu lawan madat, dipun dahar kalawan dipun obongi, Allah kang paring wikan.
Kanjeng Rasul yen tan den turuti, muring-muring banget anggone duka, sarta banget paniksane, ingsun tan bisa turu, Guru tiga samya nauri, mung lagi tatanira, Kanjeng Nabi Rasul, karsa tindak mring ngepaken, Kangjeng Rasul pepundene wong sabumi, aneng nagara Mekah.
Gatoloco anauri aris, Rasul Mekah ingkang sira-sembah, ora nana ing wujude, wus seda sewu taun, panggonane ing tanah ‘Arbi, lelakon pitung wulan, tur kadangan laut, mung kari kubur kewala, sira sembah jungkar-jungkir saben ari, apa bisa tumeka.
Sembahira dadi tanpa kardi, luwih siya marang raganira, tan nembah Rasule dewe, siya marang uripmu, nembah Rasul jabaning diri, kabeh sabangsanira, iku nora urus, nebut Allah siya-siya, pating brengok Allah ora kober guling, kabebregen suwara.
Rasulu’llah seda sewu warsi, sira-bengok saking wisma-nira, bok kongsi modot gulune, masa bisa karungu, tiwas kesel tur tanpa kasil, Guru tiga angucap, ujare cocotmu, layak mesum ora lumrah, anyampahi pepundene wong sabumi, Gatoloco manabda.
Bener mesum saking susah-mami, kadunungan barang ingkang gelap, awit cilik tekeng mangke, kewuhan jawab-ingsun, yen konangan ingkang darbeni, supaya bisa luwar, ingsun njaluk rembug, kapriye bisane jawab, aywa nganti kena ukum awak-mami, Guru tiga miyarsa.
Asru ngucap nyata sira maling, ora pantes rembugan lan ingwang, sira iku wong munapek, duraka ing Hyang Agung, lamun ingsun gelem mulangi, pakartine dursila; mring panjawabipun, ora wurung katularan, najan ingsun datan angklakoni maling, yen gelem mulangana.
Nalar bangsat paturane maling, yekti dadi melu kena siksa, Gatoloco pamuwuse, yen sireku tan purun, amulangi mring jawab maling, payo pada cangkriman, nanging pamitengsun, badenen ingkang sanyata, lamun sira telu pisan tan mangreti, guru tanpa paedah.
Kyai Guru samya anauri, mara age saiki pasalna, cangkrimane kaya priye, manira arsa ngrungu, yen wus ngrungu sayekti bangkit, masa bakal luputa, ucapna den gupuh, angajak cangriman apa, sun-batange dimen pada den sekseni, santri murid nom noman.
Cangkriman Endi Kang Tuwa Dalang Wayang Kelir Balencong
PUPUH III
Sinom
Gatoloco nulya ngucap, dalang wayang lawan kelir, balencong endi kang tuwa, badenen cangriman iki, yen sira nyata wasis, mesti weruh ingkang sepuh, Ahmad ‘Arif ambatang, kelir kang tuwa pribadi, sadurunge ana dalang miwah wayang.
Balencong durung pinasang, kelir ingkang wujud dingin, wus jumeneng keblat-papat, ngisor tengah lawan nginggil, mila tuwa pribadi, ‘Abdu’ljabar asru muwus, heh Ahmad ‘Arif salah, pambatangmu iku sisip, panemuku tuwa dewe kaki dalang.
Anane kelir lan wayang, kang masang balencong sami, wayang gaweyane dalang, mulane tuwa pribadi, tan ana kang madani, anane dalang puniku, ingkang karya lampahan, nyritakake ala becik, asor unggul tan liya saking ki dalang.
Nulya Kyai ‘Abdulmanap, nambungi wacana aris, karo pisan iki salah, pada uga durung ngerti, datan bisa mrantasi, tur remeh kewala iku, mung nalar luwih gampang, ora susah nganggo mikir, sun ngarani tuwa dewe wayangira.
Upama wong nanggap wayang, isih kurang telung sasi, dalange pan durung ana, panggonanane durung dadi, wus ngucap nanggap ringgit, tutur mitra karuhipun, sun arsa nanggap wayang, ora ngucap nanggap kelir, ora ngucap nanggap balencong lan dalang.
Wus mupakat janma katah, kang tinanggap apan ringgit, durung paja-paja gatra, wus muni ananggap ringgit, mila tuwa pribadi, Gatoloco alon muwus, ‘Abdu’ljabar Du’lmanap, tanapi si Ahmad ‘Arif, telu pisan pambatange pada salah.
Batanganing Cangkriman Kang Bener
Yen mungguh pametekingwang, balencong tuwa pribadi, sanajan kelir pinasang, gamelan wus miranti, dalang niyaga linggih, yen maksih peteng nggenipun, sayekti durung bisa, dalange anampik milih, nyritakake sawiji-wijining wayang.
Kang nonton tan ana wikan, marang warnanira ringgit, margane isih petengan, ora kena den tingali, yen balencong wus urip, kantar-kantar katon murub, kelire kawistara, ing ngandap miwah ing nginggil, kanan kering Pandawa miwah Kurawa.
Ki Dalang neng ngisor damar, bisa nampik lawan milih, nimbang gede cilikira, tumrap marang siji-siji, watake kabeh ringgit, pinates pangucapipun, awit pituduhira, balencong ingkang madangi, pramilane balencong kang luwih tuwa.
Dene unining gamelan, wayange kang den gameli, dalange mung dharma ngucap, si wayang kang darbe uni, prayoga gede cilik, manut marang dalangipun, sinigeg gangsa ika, kaki dalang masesani, nanging darma ngucap molahake wayang.
Parentahe ingkang nanggap, ingkang aran Kyai Sepi, basa sepi tanpa ana, anane ginelar yekti, langgeng tan owah gingsir, tanpa kurang tanpa wuwuh, tanpa reh tanpa guna, ingkang luwih masesani, ing solahe wayang ucape ki dalang.
Ingkang mesti nglakonana, ingkang ala ingkang becik, kang nonton mung ingkang nanggap, yeku aran Kyai Urip, yen damare wus mati, kabeh iku dadi suwung, tan ana apa-apa, lir ingsun duk durung lair, tetap suwung ora ana siji apa.
Basa kelir iku raga, wayange Suksma sajati, dalange Rasul Muchammad, balencong Wahyune Urip, iku upama Widdhi, cahyane urip puniku, nyrambahi badanira, jaba jero ngandap nginggil, wujudira wujude Allah kang murba.
Yen wayang mari tinanggap, wayange kalawan kelir, sinimpen sajroning kotak, balencong pisah lan kelir, dalang pisah lan ringgit, marang ngendi paranipun, sirnane blencong wayang, upayanen den kepanggih, yen tan weruh sira urip kaya reca.
Benjang yen sira palastra, uripmu ana ing ngendi, saikine sira gesang, patimu ana ing ngendi, uripmu bakal mati, pati nggawa urip iku, ing ngendi kuburira, sira-gawa wira-wiri, tuduhena dunungge panggonanira.
Banjure Bebantahan ‘Ilmu
Guru tiga duk miyarsa, anyentak sarwi macicil, rembug gunem ujarira, iku ora lumrah janmi, Gatoloco nauri, dasar sun-karepken iku, aja lumrah wong katah, ngungkulana mring sasami, ora trima duwe kawruh kaya sira.
Santri pada ambek lintah, ora duwe mata kuping, anggere amis kewala, cinucap nganti malenti, ora ngreti yen getih, gandane amis tur arus, kinira madumangsa, yen wus wareg mangan getih, amalengker tan metu nganti sawarsa.
Wekasan kaliru tampa, tan weruh temah ndurakani, manut kitab mengkap-mengkap, manut dalil tanpa misil, amung ginawe kasil, sinisil ing rasanipun, rasa ni’mating ilat, lan rasane langen resmi, rasanira ing kawruh ora tinasa.
Tetep urip tanpa mata, matamu mata soca pring, matamu tanpa paedah, matamu tan migunani, Kyai Guru mangsuli, muring-muring asru muwus, apa sira tan wikan mring mataku loro iki, Gatoloco sinaur sireku beja.
Dene pada duwe mata, loro-loro guru siji, apa sira wani sumpah, yen duwe mata kekalih, Guru tiga nauri, dasar sayektine ingsun tetela duwe mata, tetep loro mata-mami, Gatoloco gumujeng sarwi anyentak.
Sireku wani gumampang, sayekti balak bilahi, ngaku dudu matanira, sun-lapurken pulisi, mesthine den taleni, angaku loro matamu, yen nyata matanira, konen gilir genti-genti, prentahana siji melek siji nendra.
Dadi salawasmu gesang, ora kena dimalingi, Guru tiga samya ngucap, endi ana mata gilir, Gatoloco nauri, tandane nyata matamu, sira wenang masesa, saprentahmu den turuti, yen tan manut yekti dudu matanira.
Guru tiga samya mojar, aku wani sumpah yekti, awit cilik prapteng tuwa, tan pisah lan rai-mami, Gatoloco mangsuli, dene-sira wani ngaku, matamu ora pisah, mata olehmu ing ngendi, apa tuku apa gawe apa nyelang.
Apa sira winewehan, iya sapa kang menehi, kalawan saksine sapa, dina apa aneng ngendi, Guru tiga miyarsi, deleg-deleg datan muwus, wasana samya ngucap gaweyane bapa bibi, Gatoloco gumuyu alatah-latah.
Kiraku wong-tuwanira, loro pisan pada mukir, karone ora rumasa, gawe irung mata kuping, lanang wadon mung sami, ngrasakake ni’matipun, iku daja jalaran, wujude ragamu kuwi, ora neja gawe rambut kuping mata.
Guru tiga nulya mojar, Allah Ingkang Maha Suci, ingkang karya-raganingwang. Gatoloco anauri, prenah apa sireki, kalawan Kang Maha Luhur, dene ta pinaringan, mata loro kanan-kering, telu pisan pinaringan grana lesan.
Guru tiga saurira, katrima pamuji-mami, Gatoloco asru nyentak, pujimu pujining Widdhi, sira ora nduweni, marang pangucap sadarum, iku ucaping Allah, yen mangkono sira maling, wani-wani kadunungan barang gelap.
Yen tan bisa ndunungena, kajedegan ingkang diri, mestine dadi sakitan, ora kena sira mukir, meloke wus pinanggih, teka ngendi asalipun, yen asale tan wikan, matanira loro kuwi, ora kena angukuhi matanira.
Sakehing reh lakonana, yen tan manut sun-gitiki, jalaran sira wus salah, kajedegan sira maling, lah iku duwek-mami sira-anggo tanpa urus, saikine balekna, ilange duk jaman gaib, ingsun-simpen ana satengahing jagad.
Saksine si wujud ma’na, cirine rina lan wengi, ingsun-rebut tanpa ana, saiki lagya pinanggih, sira ingkang nyimpeni, santri pada tanpa urus, yen sira tan ngulungna, sun-lapurake pulisi, ora wurung munggah ing rad pengadilan.
Mesti sira kokum peksa, yen wengi turu ning buwi, lamun rina nambut karya, saben bengi den kandangi, beda kalawan, salawase ngong tumuwuh, sadurunge tumindak, ingkang daja seja-mami, agal alus kasar lembut ingsun-nalar.
Murih aja dadi salah, Ahmad ‘Arif anauri, guneman karo wong edan. Gatoloco amangsuli, edanku awit cilik, kongsi mangke prapteng umur, ingsun tan bisa waras, saben dina owah gingsir, nampik milih panganan kang enak-enak.
Panganggo kang sarwa endah, ingsun edan urut margi, nurut margane kamulyan. ‘Abdul’jabar muring-muring, astu sumaur bengis rembugan lan asu buntung. Gatoloco angucap, bener olehmu ngarani, sakrabatku bapa kaki buyut canggah.
Dasare buntung sadaya, tan ana buntut sawiji, basa asu ma’na asal, buntut iku wus ngarani, ingsun jinising janmi ora buntut lir awakmu, balik sira wong apa, sira gundul anjedindil, apa Landa apa Koja apa Cina?
Apa sira wong Benggala, Guru tiga anauri, ingsun iki bangsa Jawa, Muchammad agama-mami, Gatoloco nauri, sira wong kapir satuhu, Kristen agamanira, lamun sira bangsa Jawi dene sira tan nebut Dewa Batara.
Agama Rasul Muchammad, agamane wong ing ‘Arbi, sira nebut liya bangsa, tegese sinipat kapir, tan sebutmu pribadi, anggawe rusak uripmu, mulane tanah Jawa, kabawah mring liya jinis, krana rusak agamane kuna-kuna.
Wiwit biyen jaman Purwa, Pajajaran Majapahit, wong Jawa agama Buddha, jaman Demak iku salin, nebut Rasulu’llahi, sebute wong ‘Arab iku, saiki sira-tular, anilar agama lami, tegesira iku Kristen bangsa ‘Arab.
Guru tiga duk miyarsa, sru nyentak sarwi nudingi Gatoloco sira gila, Gatoloco anauri, ingsun gila sayekti, yen weruh kaya dapurmu, wedi bok katularan, ora duwe mata kuping, kawruhira amung jakat lawan pitrah.
Kyai Guru tiga pisan, tyasnya runtik anauri, nyata sira anak jalang. Gatoloco amangsuli, iku bener tan sisip, bapa biyung kaki buyut, kabeh kena ing pejah, lamun wis tumekeng jangji, yekti mulih mring asale pada ilang.
Kiraku manawa sira, metu saking reca wesi, dene wujud tanpa nyawa, sira ora duwe budi, Kyai Guru nauri, samya misuh trukbyangamu, Gatoloco angucap, iku banget trima-mami, krana sira telu pisan misuh mring wang.
Sira nuduhake biyang, ingsun iki tan udani, duk lair saking wadonan, amung ingkang sun-gugoni, wong tangga kanan kering, bapa biyang ingkang ngaku, nganakake maring wang, iku ingkang sun-sungkemi, nanging batin ingsun ora wani sumpah.
Iya iku bapa biyang, ingkang weruh lair-mami, saikine sira bisa, nuduhake biyang-mami, wismane ana ngendi, lawan sapa aranipun, amba-ciyute pira, duweke wong tuwa-mami, yen tau weruh iku ujar ambelasar.
Krana ingsun nora wikan, wujude ingsun saiki, mujud dewe tanpa lawan, Allah ora karya mami, anane raga-mami, gaweyanira Hyang Agung, duk aneng ’alam dunya, ana satengahing bumi, lawan sira kala karya raganira.
Sawindu lawan sawarsa, rolas wulan pitung ari, pendak pasar ratri siyang, saejam sawidak menit, ora kurang tan luwih, wukune mung telung puluh, raganingsun duk daja, sarta wus wani nyampahi, wruhaningsun sanajan saiki uga.
Badanku kena ing rusak, urip-mami wangawuhi, saobah-osiking badan, Rasulu’llah andandani, krana ingsun kekasih, kinarya Pangeraningsun, marang sagunging sipat, nggesangaken saliring tunggil, iya Ingsun iya Allah ya Muchammad.
Guru tiga asru mojar, sira wani angakoni, tunggal wujud lan Pangeran, apa kuwasamu kuwi, Gatoloco nauri, ngrawuhi dadine lebur, kalawan peparengan, karsane Kang Maha Suci, ingsun dewe tan kuwasa apa-apa.
Ragengsun wujuding Suksma, angawruhi ing Hyang Widdhi, tumindak karsanira Hyang, aweh mosik liya mami, Muchammad kang nduweni, pangucap paningalingsun, pangganda pamiyarsa, dene lesan lawan diri, kabeh iku kagungane Rasulu’llah.
Ingsun ora apa-apa, mung pangrasa duwek-mami, iku yen ana sihing Hyang, yen tan ana sihing Widdhi, duwekingsun mung sepi, basa sepi iku suwung, tan ana apa-apa, lir ingsun duk durung dadi, tetep suwung ora weruh siji apa.
‘Abdu’ljabar nulya mojar, sira iku angakoni, wujudmu wujuding Suksma, ing mangka ragamu kuwi, kena rusak bilahi, ora langgeng sira wutuh, Gatoloco angucap, ingkang rusak iku bumi, kalimputan wujud-mami lan Pangeran.
Ingsun Ingkang Maha Mulya, tan kena rusak bilahi, ingkang langgeng swarga mulya, Kyai Guru ananuri, yen mangkono sireki, weruh pestine Hyang Agung, kang durung kalampahan, Gatoloco anauri, weruh pisan pestine mring raganingwang.
Ingsun-pesti awakingwang, wayah iki dina iki, jejagongan lawan sira, mengko gawe pesti maning, kang durung den lakoni, kanggone mengko lan besuk, supaya aja salah, dadi ora kurang luwih, lamun salah ngrusak buku sastra angka.
Kalawan ngrusak gulungan, iku banget wedi-mami, wedi manawa dinukan, marang ingkang juru-tulis, mulane ngati-ati, gawe pesti aja kliru. Kyai Guru angucap, kang durung sira-lakoni, beja sarta cilakamu besuk apa.
Aneng ngendi kuburira, Gatoloco anauri, kuburan wus ingsun-gawa, saben dina urip-mami, kalawan ngudaneni, ning sawates umuringsun, kalamun parek ‘ajal, sajroning rolas jam mami, lagya milih dina sarta wayahira.
Yen gawe pesti samangkya, papestene awak-mami, bokmanawa luwih kurang, susah anggoleki pesti, becike saben lawan ari, anggawe papesthen iku, manut senenging driya, dadi ora kurang luwih, ora angel ara cidra ing semaya.
Kyai ‘Abdu’ljabar ngucap, pestine marang Hyang Widdhi, ingkang durung kalampahan, Gatoloco anauri, iku pestening Widdhi, dudu pesti saking ingsun, Allahku saben dina, anggawe papesten-mami, anuruti marang kabeh karsaningwang.
Guru tiga sareng ngucap, Gatoloco sira iki, nyata kasurupan setan, Gatoloco anauri, bener pan ora sisip, kala ingsun dereng wujud, ana ing ‘alam samar, tumeka ing jaman mangkin, setaningsun durung pisah saking raga.
Basa setan iku seta, asaling bibit sakalir, wujudingsun duk ing kuna, punika asale putih, lamun durung mangreti, iya iku asal-ingsun, purwa saking sudarma, tumeka kalamu’llahi, sayektine ingsun asal kama petak.
Menek Guru telu sira, kama ireng ingkang dadi, dene buntet tanpa nalar, ‘Abdu’lmanap duk miyarsi, mojar mring Ahmad ‘Arif, ‘Abdu’ljabar yen sarujuk, wong iki pinatenan, lamun maksih awet urip, ora wurung ngrusak syara’ Rasulu’llah.
Iku wong mbubrah agama, akarya sepining masjid. Gatoloco asru ngucap, den enggal nyuduk mring mami, sapisan nyuduk jisim, pindo batang sira-suduk, ya ingsun utang apa, arsa mateni mring mami, saurira mung lega rasaning driya.
Krana sira ngrusak syara’, Gatoloco anauri, syara’ tan kena rinusak, pinesti dening Hyang Widdhi, syara’e, yen mangan lebokna silit, iku tetep aran janma ngrusak syara’.
Dene bangsane agama, sasenengane wong ngaurip, sanajan agama Cina, lamun terus lair batin, yekti katrima ugi, Guru telu agamamu, iku agama kopar, agamaku ingkang suci, iya iku kang aran agama rasa.
Tegese agama rasa, nuruti rasaning ati, rasaning badan lan lesan, iku kabeh sun-turuti, rasaning legi gurih, pedes asin sepet kecut, pait getir sadaya, sira agama punapi, saurira agamaku Rasulu’llah.
Gatoloco asru ngucap, patut sira tanpa budi, aran ra punika raras, sul usul raras kang sepi, sul asal tegesneki, mulane sireku kumprung, Guru tiga miyarsa, sigra kesah tanpa pamit, sakancane garundelan urut marga.
Sanget dennya nguman-uman, Ahmad ‘Arif muwus aris, ‘Abdul’ljabar ‘Abdu’lmanap, salawasku urip iki, aja pisan pisan panggih, kalawan wong ora urus, manusa tan wruh tata, jroning ngimpi ingsun sengit, yen kapetuk sun mingkar tan sudi panggya.
Gatoloco Rumasa Menang Bantahe
Gatoloco kang tinilar, aneng ngisoring waringin, rumasa yen menang bantah, mangkana osiking galih, banget kepati-pati, angekul sameng tumuwuh, sun-kira luwih mana pangrawuhe Guru santri, dene iku isih bodo kurang nalar.
Durung pada durung timbang, yen tinanding kawruh-mami, durung nganti ingsun-gelar, kawruhku kang luwih edi, prandene anglangani, kalah tan bisa samaur, yen mangkono sun-kira, ingkang muruk tanpa budi, iku nyata setan ingkang minda janma.
Lamun wulange manusa, mesthine pada mangreti, mring duga lawan prayoga, aywa karem karya serik, mulane kudu eling, eling marang Ingkang Asung, asung urip kamulyan, upayanen den kapanggih, yen pinanggih padang terang sagang nalar.
Yen padang tegese gesang, lamun peteng iku mati, janma ingkang duwe nalar, aran manusa sajati yen luwih wus ngarani, agal myang alus cinakup, tan kaya Guru tiga, bodone kepati-pati, cupet kawruh peteng nalar ma’nanira.
Wangsalan Pangura-urane Gatoloco
Gatoloco gya lumampah, tetembangan urut margi, kebo bang kagok (sapi) upama, sapisan maning pinanggih, bibis alit ing tasik (undur-undur), ora mundur bantah kawruh, pelem gung mawa ganda (kuweni), kawuk ingkang minda warni (slira), becik ingsun ngenteni lan ura-ura.
Gude rambat (kara) puspa kresna (tlasih), manira pan isih wani, witing pari (dami) entong palwa (welah), ora neja kalah mami, araning wisma paksi (susuh), mungsuh sira guru pengung, parikan uler kambang (lintah), ingsun seneng bantah ilmi, welut wisa (ula) tininggal atiku gela.
Mendung petak (mega) kunir pita (temu), muga-muga temu maning, tepi wastra rinumpaka (kemada), banjur pada maring ngendi, kayu rineka janmi (golek), apa golek guru jamhur, sarkara munggeng tala (madu), arsa den adu lan mami, wadung rema (cukur) malah sokur yen mangkana.
Jangkrik gung wismeng kebonan (gangsir), manira ora gumingsir, bebasan putrane menda (cempe), sakarepe sun-ladeni, jamang wakul (wengku) upami, angajak apa sireku, duh lae puter wisma (dara), nganggo sira mejanani, kentang rambat (katela) sanajan rupaku ala.
Menyawak kang sabeng toya (slira), prakara mung bantah ‘ilmi, wulu bauning kukila (elar), kabeh nalar sun tan wedi, sayekti pinter mami, tinimbang lan sira guru, kaca tumraping netra (tesmak), ora jamak mejanani, mulwa rengka (srikaya) yen sira luru saraya.
Kemaduh rujit godongnya (rawe), aywa suwe sun-anteni, guru ngendi srayanira najan jamhur luwih wasis, ingsun wani nandingi, angayoni bantah kawruh, masa ingsun mundura, yeku karsane Hyang Widdhi, raganingsun yektine darma kewala.
Gatoloco sukeng driya, rerepen alon lumaris, miling-miling mung priyangga, dumugi patopan mampir, manjing mring bambon linggih, ngambil klelet kang kinandut, saglinding dipun untal, ngrusak badan anyegeri, kraos gatel astane ngukur sarira.
Kyai Hasan Besari Ing Pondok Cepekan
PUPUH IV
Pangkur
Kacarita ing Cepekan, pondok ageng panggenan santri ngaji, punika sampun misuwur, kawentar manca praja, wonten Kyai pinunjul jumeneng Guru, ‘alim jamhur tanpa sama, kang nama Hasan Besari.
Kajuwara yen ‘ulama, mila unggul ginuron para santri, muridipun tigang atus, ing wanci bakdha ‘isya’, wus salat neng langgar ngaji sadarum, Kyai Guru arsa mulang, kitab Pekih miwah Tafsir.
Unda usuk warna-warna, wonten santri ingkang lagya niteni, ma’na lapal Kuranipun, ngasil-ingasil ika, samya taken-tinaken mring kancanipun, wonten ingkang sampun paham, ngapalaken kitab Sitin.
Tanapi sagunging kitab, sasenenge santri sawiji-wiji, santri ingkang sampun putus, ing ma’na lapal Kuran, mencil mencul madoni mring Kyai Guru, ma’nanira lapal Kuran, angambil sagunging misil.
Ingkang sampun kinawruhan, kang saweneh ana santri pradondi, ing lapal ma’na Kur’an, mencil-mencul madoni mring Kyai Guru, ma’nanira lapal Kur’an, angambil sagunging misil.
Ingkang sampun kinawuhan, kang saweneh ana santri pradondi, ing lapal ma’na puniku, udreg paben grejegan, santri kalih mara merak marang Guru, gya kasaru tamu prapta, “Abdul’ljabar ‘Ahmad Arif. “
Miwah Kyai ‘Abdul manap sabat nenem datan pisah tut wuri, sinauran salamipun, kang ngaji tutub kitab, tamu wau nulya minggah nglanggar gupuh, apan samya sesalaman, jawat tangan genti-enti.
Sawustru sesalaman, sampun warata sadaya para santri, munggeng langgar tata lungguh, Hasan Besari mojar, dene gati kados wonten karsanipun, pukul pinten mangkatira, saking pondok Rejasari.
Angling Kyai ‘Abdu’ljabar, bakda subuh mangkat wanci byar enjing, milahipun ngantos dalu, kedangon wonten marga, mandeg bantah kawon mengsah tiyang kupur, Gatoloco namanira, dapure mboten mejaji.
Punika setan katingal, anak belis ambekta wadung linggis, pan kinarya ngrusak ngremuk, ing syara’ Rasulu’llah , ingkang leres dipun wadung lemah putung, yen pokah rebah binubrah, agami den obrak-abrik.
Sadaya syara’ tinerak, morak-marik sirik den orak-arik, amung nekad gasruh rusuh, jinawab mung sakecap, gulagepan kula tan bangkit sumaur, sagung haram rinampasan ambubrah syara’ lan sirik.
Wungkul akal mokal nakal, sanget ngrengkel ngungkil nyrekal metakil, sakeh kawruh kabarubuh, sagung pasal kasingsal, dalil-dalil katail ing misilipun, kula mapan mung kasoran, kula nyingkring boten mlangkring.
Panggah bantah meksa kalah, boten betah isin den iwi-iwi, sakeh padu dipun buru, sakeh jawab tan menang, salin pisuh boten pasah saya rusuh, malah munggah ngarah sirah, lir maling neja anjiling.
Kula tansah kaungkulan, pijer kojur boten saged ngungkuh, kula-suwun mring Hyang Agung, salami-kula gesang, sampun ngantos kepranggul tiyang kajeku, yen kapetuk kula nyimpang, jejera kula sumingkir.
Manah-kula sampun jinja, krana saking kapok den iwi-iwi. Hasan Besari duk ngrungu, mring nalar kang mangkana, sanalika dennya ngontor asru bendu, jaja bang mawinga-winga, muring-muring waja gatik.
Netra andik angatirah, Kyai Hasan Besari ngucap bengis, patut kang kaya dapurmu, santri remeh kewala, bener sira mantolos endasmu gundul, buntu buntet tanpa nalar, mung jakat kang sira-incih.
Durung patut ginuronan, guru bodo kawruhmu mung sanyari, ora liya kabisanmu, marani angger wisma, kang ginawa kasang wadah karag sekul, bisane ndonga kabula, ngaji kulhu lamyakunil.
Ora pada kaya ingwang, marma gundul kasundul ing agami, mila putih surbaningsun, titih teteh micara, kalah iki mesti ngambil saking biku, mila ketu tarancangan, panjalin ingkang kinardi.
Kerigen santri ‘ulama, ora kewran kawruhku salin-salin, nrawang putus ngisor duwur, mila klambi kebayak, bisa miyak marang kawruh agal alus, sabuk poleng manca warna, kawruh-ingsun warni-warni.
‘Ilmu Jawa Landa, Cina, Turki Koja Hindu Benggala Keling, kabeh iku wus kacakup, sun-simpen aneng kasang, kawruh ‘Arab awit timur nganti lamur, kawruh Jawa tan kuciwa, dasar ingsun bangsa Jawi.
Mila bebed sarung amba, omber jembar ngungkuli ingkang dakik, kabeh ‘ilmu ingsun weruh, nganggo tesbeh sanyata, kabeh kawruh ingkang luwih saking alus, ora nana bisa mada, amadani marang mami.
Mulane nganggo gamparan, saparanku angungkuli sasami, mulane cis tekeningsun, kumecis nora cidra, anerawang jaba jero ngisor duwur, upamane ingsun kalah, mungsuh janma tanpa budi.
Sayektine ingsun wirang, golekana saiki ana ngendi, si Gatoloco wong kumprung, ingsun arsa uninga, mring warnane janma ingkang kurang urus, Ahmad ‘Arif ujarira, duk wau sapungkur-mami.
Tut wingking lampah-kawula, kinten-kinten dalu punika ugi, nyipeng wonten kita Pungkur, Hasan Besari ngucap, lamun mrene sun-jewere kupingipun, mungsuh janma ngrusak syara’, kalah lambene sun-juwing.
Sun-karya pangewan-ewan, duk samana dupi sampun byar enjing, wanci bakda salat subuh, prentah mring santri tiga, golekana Gatoloco den katemu, tekakna mring ngarsaningwang, santri tiga gya lumaris.
Gatoloco Dibutuhake Kyai Guru
Datan winarna ing marga, santri tiga lampahnya sampun prapti, ing pacandon kuta Pungkur, nulya manjing ngepakan, santri tiga pramana samya andulu, ing pacandon wonten janma, endek cilik bokong cantik.
Tinakenan namanira, gya sumaur yen sira takon mami, Gatoloco araningsun, santri tiga tuturnya, katimbalan sireku mring ngarsanipun, Guruning santri Cepekan, Kiyai Hasan Besari.
Kinen sareng lampah-kula, Gatoloco maleleng ngiwi-iwi, gela-gelo manggut-manggut, nanging kendel kewala, cangkemipun macucu boten sumaur, nulya nembang ura-ura, larase mung angger muni.
Gatoloco Ngura-ura Wangsalan
Piyik anak manuk dara, pedet iku jarene anak sapi, cempe cilik anak wedus, gudel anak maesa, kirik cilik iku jare anak asu, belo kepel anak jaran, genjik cilik anak babi.
Sekar pucang jare mayang, sekar mlati jarene sekar mlati, kembang gedang jare jantung, yen kembang klapa manggar, duh lae duh kembang menur kembang menur, kembang pacar kembang pacar, kembang sruni kembang sruni.
Gatoloco Panggil
Santri murid kang dinuta, samya eram sadaya tyasnya geli, kapingkel-pingkel gumuyu, wacana jroning driya, apa baya pancen duwe lara gemblung, dene pijer ura-ura, becik kudu diasori.
Murid tiga angrerepa, sanjang malih sarana ngarih-arih, ingarah mung murih purun, mangga tumunten mangkat, mring Cepekan manggihana Kyai Guru, manawi den arsa-arsa, kedangon kula ngentosi.
Gatoloco klewa-klewa, sarwi ngucap apa sira tan uning, ingsun iki lagya ewuh, lan banget ketagihan, lamun sira pari-paksa ngundang mring sun, ketumu bae sun-selang, prelu kanggo gaden dingin.
Candu rong timbang kewala, nanging jangji sira-tebus pribadi, mengko yen wus mendem ingsun, tumuli mangkat mrana, lamun sira ora lila ketu iku, ingsun wegah lunga-lunga, moh nemoni Kayi Haji.
Santri tiga duk miyarsa, rerembugan lawan rowange sami, lamun ora sigung ketu, sayekti tan lumampah, ora wurung Kyai Guru mengko bendu, upama ingsun-wenehna, luwih becik den turuti.
Santri duta kang satunggal, amangsuli mangkana dennya angling, wus tetela nalar kojur, iku pada kewala, ketu-mami uga anyar oleh tuku, lawase satengah wulan, regane srupiyah putih.
Kang satunggal tumut ngucap, ora beda anyare ketu-mami, lagi nganggo patang taun, mangka utang pitung wang, bayar nicil seteng seteng saben esuk, sun-lowongi durung esah, isih kurang limang ketip.
Najan camah awakingwang, waton oleh aleme guru-mami, santri tiga samya muwus, niki ketu-kawula, tampenana Gus Nganten sampeyan-pundut, gadekna kula sumangga, saknana dipun tampeni.
Wusnya ketu tinampenan, santri duta malah den iwi-iwi, ngisin-isin sarwi muwus, sireku ngentenana, ketu tiga dipun ngantosaken candu, rong timbang cinukit ngingkrang, sineret bantalan dingklik.
Gatoloco Ngura-ura Wangsalan Maneh
Wus tuwuk panyeretira, bedudane nulya dipun sangkelit, Gatoloco gya lumaku, den iring santri tiga, sadangune lumampah urut dalanggung, ngupaya senenging driya, rerepen sinawung gending.
Bismi’llah sun-ura-ura, sun-wangsalan petis apyun (candu) upami, ana ketu dadi candu, candu dadi gelengan, patek tungkak (bubul) gelengane dadi kebul, kebule mrasuk mring badan, sumrambah dadi nyegeri.
Jenang sobrah (ager-ager) ancur kaca (rasa), balung tipis munggeng pucuk dariji (kuku), seger dadi rosa mlaku, nanging ingkang kelangan, paribasan sabet kuda (cemeti) mesti getun, aranira tirta maya (wisuhan), misuh-misuh jroning batin.
Duh bakul sotya kencana (para), sela ingkang kinarya ngasah lading (ungkal), manira bakal katemu Guru santri Cepekan, paksi alit kang dadya sasmiteng tamu (prenjak), petel panjang tanpa sangkal (tatah), neja ngajak bantah ‘ilmi.
Kadal gung wismeng bangawan (bajul), jambu ingkang isi lir mirah edi (dlima), sanajan guru pinunjul, alim jamhur ‘ulama, wadung pari (ani-ani) ingsun uga wani mungsuh, mrica kecut dedompolan (wuni), sagendinge sun-ladeni.
Gatoloco Tumeka Ing Pondok Cepekan
Dumugi pondok Cepekan, kacarita ing pondok para santri, miwah sagung para guru, mulat kang lagya prapta, maksih wonten plataran ngandap wit jeruk, Kyai ‘Abdu’ljabar ngucap, mring Kyai Hasan Besari.
Tiyang makaten punika, najis mekruh tan pantes minggah mriki. Hasan Besari sumaur, najan mekruh najisa, nanging iku tekane saking karepmu, becik kinen munggah langgar, dimene tumuli linggih.
Reged ora dadi ngapa, yen wus lunga tilase disirami, Hasan Besari gya dawuh, uwong ala lungguha, kono bae ing jrambah lor-wetan iku, Gatoloco sigra minggah, marang langgar mapan linggih.
Sendeyan prenah lor-wetan, bedudane maksih dipun sangkelit, nulya nitik karya latu, ngakep rokok tegesan, tegesane sadriji kebule mabul, mratani sajroning langgar, ambetipun sengang sangit.
Para santri tutup grana, wonten ingkang ngalih denira linggih, Hasan Besari amuwus, sira jenengmu sapa, wangsulane Gatoloco araningsun, Hasan Besari tetanya, apa kang sira-sangkelit.
Sumaur iki watangan, watangane cipta pikir kang ening, ana dene pentolipun, iki arane cupak, prelu kanggo mapak kawruh ingkang luput, obate candu lan bakal, ron awar-awar kinardi.
Dadi arang ingkang tawar, yen kacampuh obat kalawan mimis, ora wurung kena bendu, mimis glintiran madat, yen wus awas patitise damar murub, lesane pucuking ilat, sentile napas kang lungid.
Cetute aran dzatu’llah, rasa awor ngumpul dadi sawiji, manjing marang cetutipun, rumasuk jroning badan, sumarambah kukit daging balung sungsum, tyasingsun padang nerawang, ora kewran kabeh pikir.
Bebantahan Falsafah
Hasan Besari ngandika, sira wani mapaki kawruh-mami, nganggo sira wani nglebur, mring syara’ Rasulu’llah, apa sira nampik urip demen lampus, ora wedi manjing nraka, ora melik munggah swargi.
Gatoloco alon ngucap, kaya apa bisane nampik milih, wus pinesti mring Hyang Agung, sakehing kasusahan, iku dadi duweke marang wong lampus, dene sakehing kamulyan, dadi duweke wong urip.
Yen wong urip iku susah, metu saking takdirira pribadi, ingkang gawe susah iku, dene Kang Maha Mulya, sipat murah puniku kagunganipun, nanging kabeh sipat samar, ora keno tinon lair.
Sira ingkang tanpa nalar, endah-endah ingkang sira-rasani, suwarga naraka iku, mangka katon wus ceta, sapa-sapa ingkang mulya uripipun, iku ingkang manjing swarga, sapa mlarat manjing geni.
Ya iku manjing naraka, Kyai Hasan Besari amangsuli, suwarga naraka iku, besuk aneng achirat, Gatoloco sumaur sarwi gumuyu, lamun besuk ora nana, anane namung saiki.
Kyai Guru saurira, nyata nakal rembuge janma iki, maido marang Hyang Agung, lan syara’ Rasulu’llah, pancen wajib pinatenan dimen lampus, lamun maksih awet gesang akarya sepining masjid.
Gatoloco alon ngucap, ora susah sira mateni mami, nganggo gaman tumbak duwung, saiki ingsun pejah, Kyai Hasan Besari asru sumaur, iku lagi tatanira, wong mati cangkeme criwis.
Awake wutuh lir reca, Gatoloco alon dennya nauri, yen patine kewan iku, nganti gograge badan, mati aking ya iku patining kayu, yen ilang patining setan, ingkang kaya awak-mami.
Ora mujud ora ilang, mangka iku ingsun uga wus mati, kang mati iku nepsuku, mulane kabeh salah, ingkang urip budi pikir nalar jujur, pisahe raga lan nyawa, kinarya tundaning lair.
Iku ingkang aran sadat, pisahira kawula lawan Gusti, lunga pisah tegesipun, dadi roh Rasulu’llah, yen wis pisah ragane lan Suksma iku, rasa pangrasa lan cahya, panggonane ana ngendi.
Kyai Guru saurira, bener ingsun luluh awor lan siti, rasa lan pangrasa iku, kalawan cahya gesang, pan kagawa iya marang Suksmanipun, kabeh munggah mring suwarga, Sang ‘Ijrail ingkang ngirid.
Lamun Suksmane wong Islam, kang netepi salat limang prakawis, sarta akeh pujinipun, rina wengi tan owah, anetepi jakat salat pasanipun, pitrah ing dina riyaya, yen katrima ing Hyang Widdhi.
Kaunggahaken suwarga, krana manut parentahe Jeng Nabi, kabeh oleh-olehingsun, kang wus kasebut syara’, yen Suksmane wong kapir ingkang tan manut, dawuhe Jeng Rasulu’llah, pinanjingaken yumani.
Awit mukir mring Panutan, yen wong kapir dadi satruning Widdhi, Gatoloco asru muwus, dene Ingkang Kuwasa, nganggo nyatru marang wong kapir sadarum, lamun sira tan pracaya, maring kudrating Hyang Widdhi.
Maido kuwasaning Hyang, dennya karya warnane umat Nabi, anane kapir punika, sapa kang gawe kopar, lawan maneh ingkang karya uripipun, akarya beja cilaka, tan liya Hyang Maha Suci.
Upama Allah duweya, satru kapir, murtat marang Hyang Widdhi, becik sadurunge wujud, tinitah aneng dunia, dadi ora duwe satru ing Hyang Agung, yen mengkono Allahira, iku ora duwe budi.
Demen karya kasusahan, adu-adu wong Islam lawan kapir, beda kalawan Allahku, mepeki ing aguna, anuruti sakarepe umatipun, ora ana kapir Islam, beda-beda kang agami.
Tegese aran agama, panggonane ngabekti mring Hyang Widdhi, ing sasebut-sebutipun, waton terus kewala, tanpa salin agamane langgeng terus, sapa kang salin agama, nampik agama lami.
Iku kapir aranira, krana nampik papestene Hyang Widdhi, agamamu iku kupur, nampik leluhurira, sasat nampik papestenira Hyang Agung, panyebutmu siya-siya, anebut namaning Widdhi.
Sira iku bisa kanda, lamun kapir Suksmane manjing geni, Suksmane wong Islam iku, kabeh manjing suwarga, apa sira wis tau nglakoni lampus, weruh suwarga naraka, panggonane aneng ngendi.
Hasan Besari angucap, kang kasebut sajroning kitab-mami, Gatoloco sru gumuyu, sira santri keparat, ngandel marang daluwang mangsi bukumu, nurun bukune wong sabrang, dudu tinggalane naluri.
Buku tembung cara ‘Arab, tan ngopeni buku saking naluri, sayektine kabisanmu, mung kitab sembarangan, sira-gawa oleh-oleh lamun lampus, katur marang Gusti Allah, bali ingkang duwe maning.
Bakale apa katrima, krana iku kagungane pribadi, sakehe puji dikirmu, kabeh pangucapira, iku uga kagunganira Hyang Agung, mangka sira-aturena, bali marang kang ndarbeni.
Apa ora nemu dosa, iku kabeh kagungane Hyang Widdhi, kepriye olehmu matur, Kyai Guru saurnya, sira iku maido kitabing Rasul, Gatoloco alon ngucap, tan pisan maido mami.
Sawuse sira tumingal, mring unine buku daluwang mangsi, landaten kanyatahanmu, rasane saking sastra, sarta maneh sira iku mau ngaku, besuk lamun sira pejah, anggawa sanguning brangti.
PUPUH V
Asmaradana
Rehning sira wis ngakoni, benjang lamun sira pejah, rasakna badanmu kuwe, kalawan cahyamu gesang, obah-osiking manah, anggawa lapal Suksmamu, munggah mring suwarga loka.
Sang ‘Ijaril ingkang ngirid, sowan ngarsane Hyang Suksma, yen mangkono sira kuwe, ora ngamungna neng dunya, olehmu dadi bangsat, aneng achirat dadi pandung, anggawa dudu duweknya.
Sira aneng dunya iki, kadunungan barang gelap, ora tuku ora nyileh, sira-anggo saben dina, ing mangka aneng achirat, anggawa dudu duwekmu, dunya achirat dadi bangsat.
Tanpa gawe jungkar-jungkir, nembah salat madep keblat, clumak-clumik kumecape, angapalake alip lam, tegese iku lapal, angawruhana asalmu, urip prapteng kailangan.
Sireku kaliru tampi, ngawruhi asale wayah, subuh luhur myang asare, mahrib lawan bakda ‘isya, sayekti tanpa guna, sipat urip duwe irung, pada weruh marang wayah.
Yen mangkono sira kuwi, mung mangeran marang wayah, tan mangeran Ingkang Gawe, lamun bengi sarta awan, pijer ketungkul wayah, ora mikir mring awakmu, urip prapteng kailangan.
Rasane badanmu kuwi kagungane Rasulu’llah, cahyane uripmu kuwe, kagunganira Pangeran, obah-osiking manah, Muchammad kang nggawa iku, duwekmu amung pangrasa.
Mangka sira-gawa kuwi, ora sira-ulihena, balekna marang Kang Duwe, yen sira maksih anggawa, titipan tri prakara, apa sira ora lampus, Kyai Guru duk miyarsa.
Ketune binanting siti, muring-muring ngucap sora, mring ngendi nggonku ngulihke, ingsun tan rumasa nyelang, titipan tri prakara, Gatoloco gya gumuyu, sira urip tanpa mata.
Upama padanging rawi, asalira saking surya, sirna kalawan srengenge, kalamun padange wulan, asale saking wulan, sirnane kalawan santun, bali maneh asalira.
Hasan Besari nauri, krana ngapa rasanira, lan cahyamu urip kuwe, myang obah-osiking manah, tan sira-ulihena, marang Kang Kagungan iku, Gatoloco asru nyentak.
Ingsun iki ora wani, ngulihake durung masa, yen tan ana pamundute, ingsun wedi bok kinira, anampik sihireng Hyang manawa nemu sesiku, sireku kaliru tampa.
Kang kasebut kitab-mami, saking Nabi Muchammad, Kyai Guru pangucape, salat witri iku iya, salat sakoberira, Gatoloco alon muwus, sireku kaliru tampa.
Yen mangkono sira kuwi, dudu umat Rasulu’llah, dene sira ngestokake, sari’ate nabi lima, endi panembahira, mring nabi Muchammad iku, Kyai Guru saurira.
Sembahingsun salat witri, iya ing samasa-masa, Gatoloco pamuwuse, sira iku santri blasar, mangka Nabi Muchammad tetela Nabi Panutup, tunggule nabi sadaya.
Parentahe ora sisip, wus kapacak aneng kitab, ingkang salah sira dewe, kinen sujud kaping lima, rina wengi mangkana, esuk-esuk wayah subuh, sujud tumrap maring Adam.
Iku dudu Adam Nabi, adam suwung sujudana, kang suwung langgeng anane, marmanira sinujudan, dene luwih kuwasa, ngilangake peteng iku, kagenten padanging surya.
Panase saya ngluwihi, saking kuwasaning Allah, surya iku darma bae, sakehe manusa dunya, samya susah sadaya, krana saking panasipun, Nabi Muchammad parentah.
Marang umatira sami, supaya pada sujuda, marang Kang Murbeng ‘alame, tatkala patang raka’at, kabeh pada nuwuna, mring sudane panas iku, lan sudane dosanira.
Lan pada nuwuna maning, linanggengna kaluhuran, kaya luhure srengenge, pramilane lama-lama, tumurun saya andap, daja asrep panasipun, wong akeh ngarani ‘asar.
Nabi Muchammad ningali, parentah mring umatira, supayane sujud maneh, sarta pada nenuwuna, langgeng ananing Suksma, lan pada nuwuna iku, linanggengna kaluhuran.
Pangeran kang Maha Luwih, angganjar ing asorira, linanggengna kamulyane, dadine bisa kalakyan, tumurun saya andap, mulane ngaranan surup, sira pada sumurupa.
Kuwasanira Hyang Widdhi, bisa gawe peteng padang, gawe unggul lan asore, kang padang tegese gesang, kang peteng iku pejah, Nabi Muchammad andulu, parentah mring umatira.
Den purih sujuda maning, marang Ingkang Murbeng ‘alam, dene luwih kuwasane, bisa gawe peteng padang, lan gawe pejah gesang, bilahi asor lan unggul, lama-lama kang baskara.
Jagade datan kaeksi, petenge saya katara, amratani jagad kabeh, manusane ‘alam dunya, rumasa kasusahan, krana saking petengipun, amarga suruping surya.
Sagunge umat nuruti, nenuwun marang Pangeran, kanti nangis panuwune, mulane ngaranan ‘isya, tegese anangisa, marang Ingkang Murbeng luhur, nenuwun supaya padang.
Kagenten padanging sasi, sakehe manusa suka, uninga wulan cahyane, padang sarta ora panas, cacade mung pisahan, mulane ingaran santun, santun warna saben dina.
Tegese sasi samya sih, Kyai Guru aris mojar, kitab apa patokane, Gatoloco angandika, Baru’lkalbi arannya, mangretine barul: laut, dene kalbi iku manah.
Ati kang kaya jaladri, tanpa wates jero jembar, lan maneh akeh isine, Hasan Besari tetannya, sira ora sembahyang, Gatoloco aris muwus, sembahyang langgeng tan pegat.
Sujud-mami sujud eling, keblatku tengahing jagad, bareng napasku sujude, napasku metu mbun-mbunan, salatku mring Pangeran, metu saking utekingsung, sembahyangku mring Hyang Suksma.
Ingkang metu lesan-mami, sembahyang mring Rasulu’llah, kang metu irungku kiye, ingkang dzat pratandanira, iku taline gesang, kabeh saking napasingsun, sebutku Allahu Allah.
Sira pada ora ngreti, Rasulu’llah sabatira, iku durung linairke, lintang wulan lawan surya, ‘alam dunya wus ana, yekti tuwa suryanipun, iku kang kitab Ambiya.
Kang tinitahake dingin, dening Hyang cahya Muchammad, iku lawan sahabate, nanging wujud eroh samya, neng jroning lintang johar, mangka lintang johar iku, wadahe roh sadaya.
Babonira saking urip, dadi saking Nur Muchammad, lintang rembulan srengenge, ora liya asalira, pan saking Nur Muchammad, mangka lintang johar iku, dadi pusere Muchammad.
Yen sira maido mami, dadi nampikaken sira, mring Kuran sesebutane, Hasan Besari miyarsa, rumaos kaungkulan, mangkana denira muwus, wis Gatoloco minggata.
Gatoloco anauri, sun linggih langgare Allah, kabeneran panggonane, iki aneng tengah jagad, ingsun seneng kapenak, linggih langgar karo udut, ngenteni prentahing Allah.
Hasan Besari Kalah Bantahe
Sakala Hasan Besari, sidakep kendel kewala, puwara alon wuwuse, wus dadi prasetyaningwang, kalamun bantah kalah, kabeh iki darbekingsun, sira wajib mengkonana.
Ingsun rila lair batin, langgar wisma barang-barang, pasrah sah duwekmu kabeh, santri murid ing Cepekan, ingkang seneng ngawula, mara sira anggeguru, wulangen ‘ilmu utama.
Para Kyai mitra-mami, ingsun sumarah kewala, apa kang dadi karsane, manira saiki uga, neja lunga lelana, kabeh keriya, rahayu, Hasan Besari gya mangkat.
Nalangsa rumasa isin, saparan kalunta-lunta, katiwang-tiwang lampahe, ingkang kantun ing Cepekan, Gatoloco sineba, para murid tigang atus, ander samya munggeng ngarsa.
Gatoloco Pepeling Marang Para Sahabat
Gatoloco sukeng galih, angandika mring sahabat, sanak-sanakingsun kabeh, yen sira arsa raharja, poma-poma elinga, aywa tiru lir gurumu, anggepe sawenang-wenang.
Kang mangkono ora becik, ngina-ina mring sasama, umat iku pada bae, pinter bodo becik ala, beja lawan cilaka, wong kuli tani priyantun, lanang wadon ora beda.
Wus pinesti mring Hyang Widdhi, tan kena ingowahana, papestene dewe-dewe, mulane becik narima, aywa katungkul sira, urip iku bakal lampus, aneng dunya ngelingana.
Aja jubriya lan kibir, sumengah nggunggung sarira, open dahwen panastene, karem dora pitenahan, jail silib melikan, angapusi agal alus, anggluweh demen sikara.
Aja pisan ladak edir, watak angkuh nguja hawa, aja wareg mangan sare, nglakonana sawatara, ingkang sabar tawakal, ingkang sumeh aja nepsu, ngajeni marang sasama.
Aja sira gawe serik, aja sira gawe gela, aja gawe wedi kaget, iku aran najis haram, nyandang mangan ingkang sah, iku lakune wong ‘ilmu, tan kena kanti sembrana.
Gatoloco Apitutur Soal Pasemoning ‘Ilmu
PUPUH VI
Kinanti
Kudu ingkang nrimeng pandum, sumarah karsaning Widdhi, manusa darma kewala, saikine sun-takoni, apa mantep trusing driya, ngaku bapa marang mami.
Lamun sira wus tuwajuh, gugunen pitutur iki, nanging sira aja samar, tan kena maido ‘ilmi, yen maido kena cendak, uripe kamulyanneki.
Kabeh sira anakingsun, badenen pasemon iki, lamun bengi ana apa, yen awan ingkang ngebeki, apa ingkang ora nana, satuhune iya endi.
Adoh tanpa wangen iku, cedak tan senggolan iki, yen adoh katon gumawang, yen cedak datan kaeksi, lamun isi ana apa, yen suwung luwih mratani.
Lembut tan kena jinumput, agal tan kena tinapsir, ingkang amba langkung rupak, kang ciyut wiyar nglangkungi, bumbung wungwang isi apa, sapa neng ngarepmu kuwi.
Yen lanang tan nduwe jalu, yen wadon tan duwe belik, iya kene iya kana, iya ngarep iya buri, iya kering iya kanan, iya ngandap iya nginggil.
Baitane ngemot laut, kuda ngrap pandengan nenggih, tapaking kuntul ngalayang, pambarep adine ragil, si welut ngeleng ing parang, kodok ngemuli lengneki.
Wong bisu asru calatu, jago kluruk jro ndogneki, wong picak amilang lintang, wong cebol anggayuh langit, wong lumpuh ngideri jagad, aneng ngendi susuh angin.
Aneng ngendi wohing banyu, myang atine kangkung kuwi, golek geni nggawa diyan, wong ngangsu pikulan warih, kampuh putih tumpal petak, kampuh ireng tumpal langking.
Tumbar isi tompo iku, randu alas angrambati, mring uwit sembukan ika, sagara kang tanpa tepi, rambut ireng dadi petak, ingkang petak saking ngendi.
Irenge mring ngendi iku, kalawan kang diyan mati, urube mring ngendi ika, golekana kang pinanggih, yen tan weruh siya-siya, durung sampurna kang ‘ilmi.
Ingkang sarah munggeng laut, gagak kuntul saba sami, duk mencok si kuntul ika, si gagak ana ing ngendi, gagak iku nulya teka, si kuntul miber mring ngendi.
Prayoga kudu sumurup, kabeh sira anak-mami, pralambang iku rasakna, kang katemu pada jati, sajatining rasa ika, rasa jroning jalanidi.
Sasmitanen ingkang wimbuh, kawruhana ucap iki, kalawan pangrungunira, sarta paningalmu ugi, tan ana ucap dwi ika dadi solah-tingkaneki.
Ora sak tan serik iku, tan tesbehmu dzatu’llahi, kang krasa yen datan mangan, den krasa yen minum nenggih, sembahyanga den karasa. Den krasa dzatu’llah kuwi.
Gatoloco Medarake Soal-jawabing ‘Ilmu
Kang wus sawural Allahu, iku aran salat daim, ana maneh ingaranan, martabate kasdu kuwi, lawan ta’rul ta’yin ika, mangretine kasdu kuwi.
Pikarepe niyat iku, ciptane ingkang dumadi, dene ta’rul tegesira, pamekasing niyat nenggih, dumadine panggraita, mangreteni ingkang ta’yin.
Iku nyata yen satuhu, wasesane niyat kuwi, dumadine ingkang cipta, cetane iku sayekti, ingkang kasdu kuwi iman, ingkang ta’rul iku tohid.
Kang ta’yin makrifat iku, kang iman yen ana kuwi, ing niyat ingkang gumletak, yekti iku ora serik, tansah ningali ing Allah kang tohid nenge myang osik.
Gleteke paningal iku, pamyarsa pangucapneki, nyata angen-angenira, ingkang nggletakaken Widdhi, myarsa ngucapken pestinya, Allah ta’ala ngimbuhi.
Dadi aja sak srik iku, tingalira mring Hyang Widdhi, ana dene kang ma’rifat, iku nenge lawan mosik, anenggih paningalira, pangrungu pangucapneki.
Dadi lan ing dewekipun, tegese iku sayekti, bila: tesbeh lire ika, tan loro kahananneki, apan mung Allah kewala, ingkang mosik meneng kuwi.
Pamiyarsa lan pandulu, nyatane kahanan iki, poma aja sak srik, sasmita sariraneki, kang den ucap ingkang ngucap, tan liya Kang Maha Suci.
Kudu ingkang awas emut, ora nana liya maning, lamun sira tinakonan, apa pangajape Widdhi, mangkene wangsulanira, pangawruhingsun mring Widdhi.
Kawimbuhan ‘ilmunipun, Pangeran kang Maha Suci, ana maneh soalira, apa ingkang den arani, sakecap sarta satindak meneng mung sagokan kuwi.
Nulya saurana gupuh, ujar sakecap puniki, kang ngucap nenggih Hyang Suksma, kang mlaku satindak Widdhi, kang meneng sagokan ika, ingkang wus angel nggoleki.
Hyang Suksma ya dirinipun, sarta lamun den takoni, pira martabating tingal, saurana tri prakawis, tasnip ingkang kaping pisan, insan-kamil kaping kalih.
Kadil-kapri kaping telu, tasnip: idep tegesneki, insan-kamil: kang sampurna. Iku kaya roh idlafi, utawa tasnip semunya, tingal luluh sampurnaning.
Wahyu iku tegesipun, ingkang paningale sidik, iku tetep wahyunira, pramilane samya wajib, den weninga prabedanya, anggenira aningali.
Mring nabi wali mukminu, nabi tetep tingalneki, dene para mundur ika, ing tingale wali mukmin, pira martabating lampah, wangsulana dwi prakawis.
Dingin kaya geni iku, kaping kalih kaya angin, semune kang kaya brama, penet panase pribadi, tegese sira mrih enggal, panrima kasuwen dening.
Ingkang angin tegesipun, penet tan kena pinurih, tegese wus ora pisan, susah angulati malih, pira martabating badan, saurana tri prakawis.
Wondene ingkang rumuhun, kaya tanggal ping pat nenggih, ping dwi kaya tanggal sanga, tanggal ping patbelas ping tri, tegese tanggal kaping pat, tulis lair tulis batin.
Kaya tanggal sanga iku, luluh sirna tegesneki, kahananira Pangeran, tanggal ping patbelas kuwi, dene sasejane sama, kaya Kang nDadekken nenggih.
Wus tumeka wangenipun, tekane kawula kuwi, ora naja yen dadiya, dadi Gusti kang sayekti, nanging yekti dadi uga, pira mastabat pamanggih.
Saurana lima iku, kang dingin kleteking ati, ingkang kaping kalihira, katepeking lampah nenggih, panjriting tangis ping tiga, ketuk nutu ping pat neggih.
Cleret ngantih ping limeku, dene pajriting wong nangis, lawan kleteking wardaya, myang tepeking wong lumaris, tuhune iku pangucap, martanipun achir kadi.
Kaja kapilaku iku, ing tekade kang wus tampi, calereting ngantih ika, lir sipat jamalu’llahi, ketuking nutu upama, wedale pangucapneki.
Nyata ora mamang iku, ora susah angulati, Hyang Agung Kang Maha Mulya, kang ngucap iku Allahi, poma aja pindo karya, puniku ingkang sajati.
Martabate bumi iku, saurana tri prakawis, dzating roh idlafi ika, kaping pindo roh jasmani, kaping telu tanpa prenah, tanpa tuduh tanpa yekti.
Kang aran Muchammad iku, kang hakiki kang majaji, iku nuli saurana, kang aran Muchammad nabi, dene kang hakiki iku, iya dzatu’llah idlafi.
Nabi Muchammad puniku, anenggih ingkang majaji, dzatu’llah jasadi ika, kang hakiki kang majaji, loro-loroning atunggal, nyatane yen sira kuwi.
Ingkang tanpa prenah iku, lawan tanpa tuduh kuwi, ing hakekate dzatu’llah, tan liya pesti sireki, krana sajatine sira, poma aja pindo kardi.
Martabat nugrahan iku, lamun sira den takoni, pira nugrahaning sadat, saurana tri prakawis, iku ingkang ping sapisan, ngeningake imanneki.
Ping dwi ngeningken tyasipun, ana dene kang kaping tri, nglampahake panggaotan, nugrahaning salat nenggih, saurana tri prakara, megat karsa ingkang dingin.
Tinggal cipta kalihipun, amadep ingkang kaping tri, nugrahaning takbir pira, saurana tri prakawis, dingin kawruh dwi kawruhnya, jatining weruh kaping tri.
Pituturku durung rampung, nanging iku bae disik, krana ingsun arsa lunga, ora lawas ingsun bali, mrene maneh mulang sira, dimene imbuh mangreti.
Gatoloco Lunga Andarung Lakune
PUPUH VII
Gambuh
Anak murid sireku, kabeh pada keriya rahayu, lilanana saiki manira pamit, Gatoloco mangkat gupuh, lumampah ijen kemawon.
Mider-mider ngelantur, sejanira angupaya mungsuh, sagung pondok guru santri den lurugi, binantah ing kawruhipun, yen kalah dipun pepoyok.
Ana ingkang gumuyu, kapok kawus santri kang tan urus, wus dilalah karsaning Kang Maha Luwih, Gatoloco tyas kalimput, mengku takabur ing batos.
Pangrasanira iku, sapa menang padon karo aku, padu kawruh ingsun punjul sasami, marmane manggih sesiku, kasiku dening Hyang Manon.
Kang sipat samar iku, Gatoloco tan rumasa luput, yen andulu, ingkang bangsa lair batin, kaelokaning Hyang Agung, karya lakon langkung elok.
Gatoloco andarung, lampahipun terus minggah gunung, Endragiri wastanira ingkang wukir, sadaya santri ing gunung binantah kawruhnya kawon.
Jejanggan para wiku, resi buyut wasi lan manguyu, den lurugi bantah kawruh syara’ ‘ilmi, ingkang kawon den geguyu, Gatoloco asru moyok.
Solah tingkah kumlungkung, ngrengkel nakal remen nyrekal digung, watak edir ‘ilmu syara’ den pabeni, mila saya camahipun, ya ta genti winiraos.
Endang Retna Dewi Lupitwati Ing Depok Cemarajamus
Ing Endragiri gunung, wonten endang gentur tapanipun, apeparab Retna Dewi Lupitwati, sadaya punggawanipun, samya estri maksih anom.
Satunggal wastanipun, apeparab Dewi Mlenukgembuk, nama Dewi Dudulmendut, kang satunggil, merak-ati dasar ayu, cantrik kalih ugi wadon.
Satunggal namanipun, akekasih Dewi Rara Bawuk, kang satunggal Dewi Bleweh kang wewangi, grapyak sumeh kaduk cucut, neng ngarsa gusti tan adoh.
Sang Retna depokipun, yeku depok ing Cemarajamus, pratapane ing guwa Seluman werit, angker sinengker barukut, boten sembarangan wong.
Bangkit uningen ngriku, yen tan antuk lilane Sang Ayu, dene lamun wus kepareng den ideni, kaiden ingkang amengku, sinome guwa katongton.
Gatoloco Manjing Depok Cemarajamus
PUPUH VIII
Sinom
Ingkang samnya neng asrama, Retna Dewi Lupitwati, lagya sakeca ngandikan, lawan ceti emban cantrik, kaget dupi umeksi, dumateng wau kang rawuh, sajuga janma priya, lenggah sanding para estri, Mlenukgembuk sigra nabda atetannya.
Lah sira iku wong apa, wani malbeng Endragiri, rupamu ala tur kiwa, pinangkanira ing ngendi, lan sapa kang wewangi, angakuwa mumpung durung, cilaka siya-siya, apa tan kulak pawarti, lamun kene larangan katekan priya.
Gatoloco tansah nyawang, boten pisan amangsuli, mendongong kendel kewala, lir bisu mung clumak-clumik, malah angiwi-iwi, lingak-linguk kukur-kukur, dereng purun cantenan, nudingi mring cantrik estri, dandu-dangu sumaur ngucap mangkono.
Sun iki janma utama, nyata yen lanang sajati, kekasih Barangpanglusan, lan aran Barangkinisik, tetelu jeneng-mami, ananging ingkang misuwur, manca pat manca lina, tanapi manca nagari, Gatoloco puniku aran-manira.
Omahku ing tengah jagad, pinangkane saking wuri, nuruti sejaning karsa, pramilane prapteng ngriki, prelu arsa pinangggih, marang sireku wong ayu, duh mirah pujaningwang, lamun condong sun-rabeni, Mlenukgembuk muring-muring asru sabda.
Gumendung si asu ala, lancang pangucap kumaki, deksura tindak sembrana, adol bagus marang mami, ingsun tan pisan sudi, andeleng marang dapurmu, becik sira minggata, aja katon aneng ngriki, eman-eman panggonan den ambah sira.
Wangsulane gemang lunga, malah sira mirah nuli, nurutana karsaningwang, duh wong ayu sun-rabeni, mangsuli manas ati, wuwuse saya dalurung, si anjing kena sibat, tan kena ginawe becik, mara age tutugna dak-kepruk bata.
Gatoloco Nrerepi Wangsalan
Gatoloco saurira, wideng galeng (yuyu) duh maskwari, wong ayu bok aja duka, kuwuk mangsa kolang-kaling (luwak), ron kang kinarya kikir (rempelas), welasana awakingsun, parikan jenang sela (apu), apuranen sisip-mami, jalak pita (kapodang) sun-cadang dadiya garwa.
Baita kandeg samudra (labuh), lara wirang sun-labuhi, terong alit dedompolan (ranti), bok iya nganti sawarsi, bibis kulineng tasik (undur-undur), sayekti tan neja mundur, isih cuwa atiku pan durung lega.
Lan maneh ngong ngrungu warta, gustimu Sang Lupitwati, misuwur lamun waskita, pinter mring sabarang ‘ilmi, tan ana kang ngungkuli, sarta wus jumeneng wiku, lamun kapata nyata, manira arsa nandingi, bantah kawruh sakarsane ‘ilmu apa.
Ambatang Cangkrimane Dewi Mlenukgembuk
Mlenukgembuk saurira, badenen cangkriman-mami, lan soale gustiningwang, Retna Dewi Lupitwati, soale emban cantrik, yen sira ngreti sadarum, najan rupamu ala, gustiku Sang Lupitwati, apa dene para ceti cantrikira.
Mestine nurut kewala, kabeh gelem anglakoni, Gatoloco alon mojar, apa temen tan nyidrani, upamane ngapusi, apa sira wani tanggung, yen sira ora dora, sun-jawabe ing samangkin, lah ucapna cangkrimane kaya apa.
Mlenukgembuk alon mojar, ana wit agung siji, pang papat godonge rolas, kembange tanpa winilis, wohe amung kekalih, mung sawiji trubusipun, mubeng wolu pangira, puniku ingkang sawiji, ana dene ingkang satunggal.
Ingsun ningali maesa, katahe amung kekalih, nanging telu sirahira, badenen cangkriman kuwi, Gatoloco miyarsi, reka-reka tan sumurup, malenggong palingukan, kecap-kecap ketip-ketip, Mlenukgembuk gumujeng alatah-latah.
Kowe maneh yen bisaa, ambatang cangkriman iki, dapurmu ala tur kiwa, Gatoloco anauri, mengko disik pinikir, supaya bisa katemu, mara pada rungokna, wong kabeh aneng ngriki, sun-badene bener luput saksenana.
Ananging kalamun salah, aja padha ngisin-isin, bismi’llah mbade cangkriman, cangkrimane wong mrak-ati, wit agung mung sawiji, iku jagad tegesipun, pang papat iku keblat, godong rolas iku sasi, trubus siji epang wolu iku warsa,
Kembang tanpa wilang lintang, minangka woh loro kuwi, anane surya rembulan, lan maneh ingkang sawiji, sira niku ningali, kebo loro ndase telu, iku wus dadi lumrah, kebo ‘alam dunya iki, lanang wadon ketel wulu sirahira.
Gatoloco alon ngucap, apa bener apa sisip, mangkono pambatangingwang, mring cangkriman iki. Mlenukgembuk miyarsi wus kabatang soalipun, rumasa yen kasoran, sedot mundur sarwi nglirik, alon ngucap saiki narima kalah.
Ambatang Cangkrimane Dewi Dudulmendut
Dudulmendut sigra mapan, mesem-mesem angesemi, wus ayun-ayunan lenggah, Gatoloco nukya angling, soal apa sireki, sun-badene cangkrimanmu, Dudulmendut angucap, mangkene cangkriman-mami, mara age badenen ingkang pratela.
Ing ngendi prenahe iman, ing ngendi prenahe budi, ing ngendi prenahe kuwat, apa kang luwih pait, lan ingkang luwih manis, luwih atos saking watu, apa kang luwih jembar ngungkuli jembaring bumi, apa ingkang luwih duwur saking wiyat.
Apa ingkang luwih panas, ngungkuli panasing geni, luwih adem saking toya, luwih peteng saking wengi, endi aran ningali, lan endi kang luwih duwur, endi kang luwih andap, apa ingkang luwih gelis, akeh endi wong gesang karo wong pejah.
Wong sugih lawan wong nista, wong jalu lawan wong estri, wong kapir lawan wong estri, wong kapir lawan wong Islam, mara badenen saiki, Gatoloco nauri, prenahe iman puniku aneng jantung nggonira, ing utek prenahe budi, otot balung prenah panggonane kuwat.
Prenahe wirang ing mata, ing dunya kang luwih pait, batine wong malarat, dene ingkang luwih manis, batine wong kang sugih, lamun wong kang luwih lumuh, kang blilu tan weruh sastra, ingkang aran aningali, iku janma ingkang wruh ‘ilmuning Allah.
Ing ngendi kang luwih perak, ing dunya kang luwih gelis, ingkang luwih bungahira, iku marmaning Hyang Widdhi, kang amba luwih bumi, yekti pandeleng puniku, landep luwih kang braja, iku nalare wong lantip, ingkang adem luwih toya ati sabar.
Luwih atos saking sela, atine wong dangkal pikir, atine wong kang brangasan, panase ngungkuli ngungkuli geni, wong jalu lan wong estri, yekti akeh wadonipun, sanajan wujud lanang, tan weruh tegese estri, kena uga sinebut sasat wanita.
Wong urip lan wong palastra, temene akeh kang mati, sanajan wujude gesang, kalamun wong tanpa budi iku prasasat mati, wong sugih lan wong nisteku, mesti akeh kang nista, sanajan sugih mas picis, lamun bodo tanpa budi tanpa nalar.
Kena sinebut wong nista, tan duwe pakarti benjing, kalamun ing rahmatu’llah, wong Islam lawan wong kapir, Islam kapir mung lair, yen tan ana anggitipun, menawa datan wikan, pranatanira agami, tetep kapir yektine janma punika.
Wong iku nyata pinteran, tan kena den mejanani, Dudulmendut mundur sigra, sarwi awacana aris, wus bener ora sisip, saikine ingsun teluk.
Ambatang Cangkrimane Dewi Rara Bawuk
Rara Bawuk gya mapan, mangkana denira angling, ndika-bedek Gus Nganten cangkriman-kula.
Kabeh ingkang sipat gesang, kang ana ing dunya iki, pangucape pirang kecap, mangka leklu iku klimis, Gatoloco miyarsi, reka-reka tan sumurup, malenggong palingukan, gedeg-gedeg angucemil, Rara Bawuk gumujeng alatah-latah.
Sarwi keplok bokongira, angencepi ngisin-ngisin, sira maneh yen bisaa, anjawab cangkriman-mami, dapurmu anjejinggis kaya antu lara ngelu, Gatoloco angucap, mbuh bener mbuh luput iki, sun-badenen diajeng cangkrimanira.
Ucape kang sipat gesang, kang ana ing dunya iki, panamung salikur kecap, nora kurang nora luwih, dene sastra kang muni, pan iya amung salikur, kabeh ucaping jalma, kang ana ing dunya iki, leklu klimis iya iku tegesira.
Telek neng alu lesungan, yen dicekel yekti amis, salawase durung ana, telek ingkang mambu wangi, Rara Bawuk miyarsi, yen kajawab soalipun, rumasa katiwasan, ora wurung dirabeni, sentot mundur sumingkir semu kisinan.
Angucap ingsun wus kalah, saprentahmu sun-lakoni.
Ambatang Cangkrimane Dewi Bleweh
Gantya Dewi Bleweh mapan, lenggah neja bantah ‘ilmi. Sang Dewi Bleweh angling, badenen cangkrimaningsun, isine ‘alam dunya, kabeh ana pirang warni, lawan pira rasane lamun pinangan.
Sun andulu wujudira, adege wolung prakawis, pikukuhe raga tunggal, sipat papat keblat kalih, patbelas ingkang keri, kang loro tutup-tinutup, samya manjer bandera, kekalih pating karingkih, lan badenen, mangretine dadi paran.
Gatoloco duk miyarsa, reka-reka tan mangreti, mung deleg-deleg kewala, Dewi Bleweh ngisin-isin, lenggak-lenggok nudingi malerok sarwi gumuyu, sira masa bisaa, ambatang cangkriman-mami, wong dapurmu saru kiwa ireng mangkak.
Gatoloco saurira, mengko sun-pikire disik, bismi’llah mbade cangkriman, cangkrimane genduk kuwi, isine dunya amung sanga katahipun, ingkang kinarya ngetang, angkane mung sangang iji, ora nana ingkang luwih saking sanga.
Sawuse jangkep sadasa, bali marang siji maning, iku tandane mung sanga, isine dunya iki, kabeh mung sanga kuwi, kahanane rupa iku, yektine nem prakara, wijange sawiji-wiji, ireng biru putih kuning ijo abang.
Liya iku ora nana, rupa ingkang manca warni iku pada ngemu rasa, dene kabeh kang binukti, ing ‘alam dunya iki, rasane mung ana wolu, legi gurih kalawan, pait getir pedes asin, sepet kecut ganepe wolung prakara.
Adu bokong tegesira, genah lamun asu ganjing, pada adu bokongira, ngadeg suku wolung iji, keblatira kekalih, madep ngalor lawan ngidul, sipate iku papat, matanira patang iji, lawangane bolongan ana patbelas.
Cangkem irung miwah karna, silite kalawan preji, gung-gunge kabeh patbelas, kang tutup-tinutup sami, panjine dakar preji, pating krengih endemipun, dene umbul puletan, bandera buntute kalih, ting jalentir lir bandera karo pisah.
Apa bener apa ora mangkono pambatang-mami, mara age wangsulana, Dewi Bleweh duk miyarsi, kajawab soalneki, sakalangkung getun ngungun, nggarjita jroning nala, pinasti kalawan takdir, awakingsun kinanti wong kaya sira.
PUPUH IX
Kinanti
Dewi Bleweh nulya mundur, sarwi awacana manis, ingsun wus rumasa kalah, sakarepmu sun-lakoni, manira manut kewala, ora sumeja nyelaki.
Ambatang Cangkrimane Retna Dewi Lupitwati
Namun kantun kusuma yu, Retna Dewi Lupitwati mapan lenggah arsa bantah, Gatoloco nabda aris, sireku keri priyangga, embane kalawan cantrik.
Kalah bantah pada mundur, sira Dewi Lupitwati, apa nutut apa bangga, sabudimu sun-kembari, Retna Dewi angandika, apa saujarmu kuwi.
Yen sira ngarani teluk, yektine teluk wak-mami, yen sira ngarani bangga, sabenere ingsun wani, mung iki cangkrimaning-wang, katahe telung prakawis.
Badenen ingkang dumunung, tegese wong laki rabi, lan tegese wadon lanang, tegese sajodho kuwi, Gatoloco saurira, ora susah nganggo mikir.
Prakara cangkriman iku, tegese wong laki rabi, ingkang aran wadon lanang, ingsun uga wus mangreti, mung remeh gampang kewala, rungokna pambatang-mami.
Tegese wong lanang iku, ala kang temenan kuwi iya iku ananingwang, rupane ala ngluwihi, wadon iku tegesira genah panggonane wadi.
Wadine wong wadon iku, wujude wujudmu kuwi, sabenere luwih ala, dunung sarta asalneki, acampur kalawan priya, tuduhna akang ala iki.
Mula rabi aranipun, wong lanang amengku estri, rahab ngrahabi sadaya, kang ala lawan kang becik, mula lanang aranira, aja nglendot marang estri.
Mung iku pambatangingsun, apa bener apa sisip, Lupitwati aturira, pukulun pepunden-mami, saestu leres sadaya, marmane amba samangkin.
Nrimah kawon sampun teluk, sumanggeng karsa nglampahi, muhung asrah jiwa raga, tan pisan neja gumingsir, ing dunya prapteng delahan, tetep mantep lair batin.
Gatoloco Mulang Para Garwa
Gatoloco sukeng kalbu, gumujeng sarwi mangsuli, tuturira sun-tarima, lan maneh wiwit saiki, sireku kabeh kewala, tetep dadi garwa-mami.
Mulane sira sadarum, kudu manut gurulaki, sabarang parentahingwang, abot enteng aywa nampik, lamun nampik siya-siya, tan wurung sida bilahi.
Wus lumrah wong lanang iku, wajibe mengkoni rabi, sanajan rupane ala, nanging pantes den ajeni, sinembah mring garwanira, krana aran gurulaki.
Solah tingkah murih patut, satiti angati-ati, tan kena kanti sembrana, yen sira sembrana ora becik, sanajan lunga sadela, kudu pamit marang mami.
Kajaba kang kadi iku, rungokna pitutur-mami, amurih salametira, aywa karem karya serik, den sabar aywa brangasan, ngajenana mring sesami.
Upama sira katemu, marang pamitranmu yayi, kalamun sira micara, kudu ingkang sarwa manis, dimene rena kang myarsa, aywa nganti den ewani.
Yen sira micara saru, utawa demen ngrasani, mring alane liyan janma, sayekti akeh kang sengit, datan seneng malah ewa, sinebut wong kurang budi.
Upamane ana tamu, deng enggal sira nemoni, kang sreseh nuli bagekna, linggihane ingkang resik, sireku kang lembah manah, sokur bisa nyugatani.
Sanajan tan bisa nyuguh, nanging sumeh ulat manis, tembunge grapyak sumanak, rumaket sajak gresepi, supaya tamune suka, seneng ora gelis mulih.
Yen sira semu marengut, kang mradayoh yekti wedi, kinira kalamun ladak, utawa kinira edir, den arani ora lumrah, datan kurmat mring sesami.
Watak andap asor iku, wekasane nemu becik, raharja sugih tepungan, kineringan mring sesami, linulutan pawong mitra, akeh ingkang tresna asih.
Kang garwa samya tumungkul, sadaya matur wot sari, duh pukulun kasinggihan, wulangipun gurulaki, sliring dawuh-paduka, sayekti kawula-pundi.
Tetenger Sajatining Wadon Lan Sajatining Lanang
Gatoloco alon muwus, rehning sira wus ngantepi, dharma saking karsaningwang, kepengin arsa udani, pratandane kang sanyata, apa bener sira estri.
Samengko mrih genahipun, manira arsa nontoni, mring prenah tetengerira, wujude ingkang sajati, sireku pada lukara, supaya ceta kaeksi.
Para garwa alon matur, duh pukulun kadi pundi, dene paring dawuh lukar, kawula lumuh nglampahi krana saking boten limrah, nalar saru tan prayogi.
Gatoloco asru bendu, tuturmu pada ngantepi, mantep lair batinira, mituhu mring gurulaki, kaya paran ing samangkya, tan miturut prentah-mami.
Lamun rewel datan manut, sireku bakal bilahi, sidane nemu cilaka, katiban gitik panjalin, wong siji kaping limalas, lan maneh sun-sepatani.
Ananging yen pada manut nurut marang karep-mami, sawuse lukar busana, nuli marang tilam sari, awakingsun pijetana, supaya kesele mari.
Para garwa samya manut, tyas ajrih den supatani, sadaya lukar busana, Gatoloco duk umeksi, gumujeng alatah-latah, sarwi ngingkrang munggeng kursi.
Mangkana denira muwus, saiki katon sajati, wus ceta nyata wanita, tengere wadon kaeksi, warna-warna datan pada, ana gede ana cilik.
Rehning ceta wus kadulu, wujudnya sawiji-wiji, akarya renaning driya, ing samengko sun-lilani, kabeh pada tutupana, ngagema busana maning.
Yen sireku arsa weruh, marang sajatining laki, duwekingsun tingalana, becike apa saiki, utawa mengko kewala, sakarepmu sun-turuti.
Lamun sira ngajak ngadu, duwekmu lan duwek-mami, manira manut sakarsa, gelem bae ingsun wani, sira ngajak kaping pira, manira saguh ngladeni.
Retna Dewi alon matur, pukulun pepunden-mami, prakawis nalar punika, amba tan kapengin uning, dumateng wujuding priya, nuwun gunging pangaksami.
Kang awit pamanggih-ulun, kirang prelu angingali, kawula datang mentala, lan malih boten prayogi, pramilane boten susah, paduka paring udani.
Gatoloco alon muwus, duh wong ayu merak ati, sumeh semune prasaja, susileng solah respati, wangsalan iki rungokna, wulang mring sira wong manis.
Wangsalan Wulang Wanodya
PUPUH X
Dandanggula
Jayeng sastra empaning lelungid (carik), sirik ageng jenenging wanuja, luput barang reh wurine, wruh ing wekasanipun, teja panjang kang ngemu warih (kluwung), sinjang ageming priya (bebed), kang kedah sinawung, pawestri katah rubednya, taji sawung (jalu) ganda pangusaping lati (lenga krawang), kalupute kawangwang.
Putran-denta (pratima) ron aglar ing siti (uwuh), pelem agung kang galak gandanya (kuweni), ewuh-aya pratikele, wanita tindak dudu, kuda mijil ing Tamansari (Kalisahak), piring siti (cowek) upama, dadyan dewekipun, angrusak badan priyanggan sari tala (malam) dadaking ron (talutuh) sun-wastani, nalutuh ‘alam dunya.
Kisma rempu (lebu) atmaja Jumiril (Umarmaya), marma estri tan kalebu weca, Nata Prabu ing Tasmiten (Geniyara), kaca kang tanpa ancur (ram), gawe eram ingkang ningali, pantes yen piniyara, talatahing laut (muwara), ing tekad angayawara, jamang wastra (tepi) ojating wong awewarti (kaloka), netepi ing saloka.
Gingsiring wulan purnama siddhi (grahana), bebayi sah kang saking tuntunan (puput), graitanen sauntase, ingkang tumibeng luput, tambang palwa (welah) ingsun-wastani, parikan jenu tawa (tungkul), pan aja katungkul, ing solah kang tanpa karya, menyan kuning (welirang) kang toya saking jasmani (kringet), engeta kawirangan.
Ing Ngajerak Papatih Nata Jin (Sannasal), pulas langking kang kinarya sastra (mangsi), keksi-eksi wekasane, tanpa asil ing laku, sembahyange janma minta sih (salat hajat), katrapaning manusa (denda), dendaning Hyang Agung, tanpa kajating panyipta, yasa ranu (bale kambang) Narendra Bojanagari (Suryawisesa), kumambang ing wisesa.
Janma wirya (mukti) salendro jroning pring (suling), dipun eling-eling wong ngagesang, aja manggung mukti bae, duh babo jamang wakul (wengku), sekar pandan mawur kasilir (pudak), najan tedaking Nata, sajagad winengku, barat gung mrataweng wreksa (prahara), jarot pisang (serat) ana mlarat ana sugih, wus kaprah ‘alam dunya.
Putri Mandura (Sumbadra) kang nyamang kudi (karah), najan trahing janma sudra papa, lamun becik pamarahe, aji Nata Salyeku (candrabirawa), puter alit ginantang nginggil (prekutut), patut sira-anggowa, condongna ing kalbu, Wiku Raja ing Kusniya (Bawadiman), Sarkap putra (Samardikaran) den gemi simpen wewadi, ywa kongsi kasamaran.
Tawon agung kang atala siti (tutur), wikan nugraha wulang achirat (swarga), yen siranggo tutur kiye, nyuwargakken bapa biyung, nyarambahi mring kaki nini, salawase raharja, mitra karuh lulut, yen kena godaning setan, sapu gamping (usar) garwa Hyang Guru Pramesti (Batari Durga), durgama karya sasar.
Wideng galeng (yuyu) Kumbayana siwi (Aswatama), tegese estri ayu utama, pratanda serat pangrembe (penget), cipta tyas tan kawetu (graita), kang wus lepas graita lantip, nget-enget ing kawignyan, pangumbaring puyuh (jajah), anjajah saruning badan, jala panjang (krakad) suluke wayang kalitik (sendon), yen kaledon ing tekad.
Kentang rambat (katela) gancaring wong ngringgit (lakon), tetelada estri kang utama, kang prayoga lelakone, singa lit munggeng kasur (kucing), kenya putri Kartanegari (Susilawati), yen tan susileng priya, pan kuciweng semu, dekunging sabda tanaga (taklim), gugur parlu (batal) nora batal ing wewadi, wong taklim sapadanya.
Gatoloco Pamit Lunga Marang Cepekan
Retna Dewi matur awot sari, saking dawuh piwulang-paduka, muhung nuwun pangestune, mugi-mugi jinurung, badan-kula bangkit nglampahi, Gatoloco ngandika, duh sira wong ayu, ayune ayu temenan, aywa kaget ingsun lilanana pamit, saiki ingsun lunga.
Krana prelu kangen arsa tilik, anak murid ing pondok Cepekan, besuk bali mrene maneh. sira keri rahayu, Gatoloco mangkat pribadi, ing marga tan winarna, kacarita sampun, dumugi pondok Cepekan, para murid dupi miyat ingkang prapti, sukeng tyas kanti kurmat.
Gatoloco Jumeneng Gurunadi
Gatoloco praptanipun, ing Cepekan pondok santri, langkung sukaning wardaya, aningali para murid, samya sanget kurmatira, dumateng Sang Gurunadi.
Nulya minggah ing langgar gupuh, sesalaman genti-genti, riwusnya samya salaman, para murid nilakrami, wilujeng rawuh-paduka, Gatoloco anauri.
Iya saking pandongamu, ingsun ginanjar basuki, sasuwene ingsun-tilar, sira kabeh anak murid, apa pada kawarasan, santri murid awot sari.
Pangestu brekah-pukulun, palimarmaning Hyang Widdhi, sadaya kawilujengan, maksih langgeng kados lami, Gatoloco angandika, kapriye wulangku nguni.
Apa sira isih emut, sokur lamun ora lali, aturnya maksih kemutan, kawula sanget kapengin, nuwun mugi kasambungan, lajengipun kados pundi.
Gatoloco alon muwus, panjalukmu sun-turuti, sireku aywa sumelang, uga bakal sun-sambungi, lah mara pada rungokna, manira tutur saiki.
Medarake Banjure Soal-jawabing ‘Ilmu
Nugrahaning budi iku, saurana tri prakawis, cipta ning kang kaping pisan, panggraita kaping kalih, sang panyipta kaping tiga, kanugrahaning roh kuwi.
Saurana iku telu, ana dene ingkang dingin, urip tan kalawan nyawa, ingkang kaping kalih kuwi, ora angen-angen liyan, Allah kewala kaping tri.
Tan ana woworanipun, ingkang wahdati’lmujudi, nugrahan sakarat pira, saurana tri prakawis, kang dingin adepanira, idep ingkang kaping kalih.
Madep ingkang kaping telu, lamun sira den takoni, nugrahaning iman pira, saurana tri prakawis, sokur ingkang kaping pisan, tawakal ingkang ping kalih.
Sabar ingkang kaping telu, pira nugrahaning tohid, saurana dwi prakara, krana tetep ingkang dingin, wedi kaping kalihira, nugrahan ma’rifat jati.
Sira sumaura gupuh, iku namun saprakawis, ana ing kahananira, anenggih karsa: rasaning, rasa wisesa prayoga, martabate kramat kuwi.
Mangretine ana telu, karem af’al para mukmin, para wali karem sifat, akarem dzat para nabi, lire karem ing dzatu’llah, ya sok ana asihaning.
Ingkang karem sifat iku, uga ana gumleteking, lire karem af’alu’llah, mila ana obah osik, yen sebit paningalira, ening kabuka sayekti.
Ing sifat jamal puniku, jamal kamal kahar nenggih, dumadine imanira, sakbul gumleteking ati, dadine oleh sampurna, sampurnaning gesang nenggih.
Martabate nyawa iku, lamun sira den takoni, katahe namung satunggal, iya iku roh idlafi, mung sawiji marganira, tegese urip puniki.
Ora nana urip telu, ingkang mesti mung sawiji, lamun sira tinakonan, endi Allah ing saiki, iku nuli saurana, sapa ingkang ngucap kuwi.
Aja ta sireku umyung, yen sira dudu Hyang Widdhi, yektine ingkang den ucap, kang ngucap tan liyan Widdhi, nanging kudu kawruhanana, ing panarima sayekti.
Ana ingkang nrima iku, kaja toya lawan siti, lawan ingkang kaya udan, apa dene kaya wesi, kalawan kaya samudra ingkang kaya lemah warih.
Den rumesep tegesipun, ora pegat kang rohani, tegese kang kaja udan, datan pegat tingalneki, ana maneh kaja tosan, sakarsanira mrentahi.
Ginaweya arit wedung, petel wadung kudi urik, ora owah sifatira, isih bae wujudneki, ingkang upama samudra, pituduh ingkang prayogi.
Puniku mestine antuk, ing ujar sakecap tuwin, ing laku satindak lawan, ameneng sagokan nenggih, lamun wis kaja samudra, ora owah tingalneki.
Sira andulu dinulu, ora nana tingal kalih, ora nana ucap tiga, dadi sampurna salating, weruh paraning sembahyang, weruh paraning ngabekti.
Nyata bener ora kusut, lan weruh paraning osik, weruh paraning nengira, weruh paraning miyarsi, weruh paraning pangucap, weruh paran ngadeg linggih.
Lan weruh paraning turu, weruh paranira tangi, weruh paraning memangan, weruh paran nginum warih, weruh paran ambebuwang, weruh paran sene nenggih.
Weruh parang seneng nepsu, weruh paraning prihatin, weruh paran ngidul ngetan, mangalor mangulon kuwi, weruh paraning mangandap, weruh paraning manginggil.
Weruh paran tengah iku, weruh paranira pinggir, weruh paraning palastra, weruh paranira urip, weruh kabeh kang gumelar, kang gumreget kang kumelip.
Tan samar weruh sadarum, anane samita iki, sira kabeh poma-poma, anakingsun para murid, sireku aywa sembrana, weruha rasaning tulis.
Dene sira yen wis weruh, kekerana ingkang werit, aywa umyung pagerana, aywa sembarangan kuwi, nganggo duga kira-kira, aywa dumeh bisa angling.
Lan maneh aywa kawetu, mring wong ahli syara’ nenggih, yen maido temah kopar, karana rerasan iki, ora amicara syara’, amung sajatining ‘ilmi.
Ingkang renteng ingkang racut, tan ana kaetang malih, caritane soal ika, pada anggiten ing batin, dadi wijange sadaya, sira ingkang ahli budi.
*****
Ingkang kepengin ngersakaken Serat Gatoloco, sumangga dipun copy lan mugi-mugi sageta manfaat kagem bebrayan sedaya.
Nuwun.

Subscribe to:
Posts (Atom)